Sandi utawa sandya satemené ateges sambung utawa gandhéng.
Sandikala utawa sandya-kala, ateges: kala (wektu) sing njambung utawa nggandeng wektu awan karo wektu bengi,jaiku ing kala (wektu) meh suruping srengenge. Dadi, tembung sandi-kala ateges : wektu méh suruping srengenge.
Weruh marang sandining urip, ateges : ngerti marang sesambunganing urip, maksudé : bab sing bisa njambung urip karo pati sing sempurna, jaiku darma (panggawe betjik).
Ing djaman saiki, tembung sandi lumrahé ditegesi ,,wadi”,
Pulisi sandi, ateges: pulisi winadi (pulisi rahasia), jaiku: pulisi kang panganggoné (sandangané) kaja wong lumrah baé. Pantjen supaja adja nganti diarani pulisi déning wong-wong.
Sandi-sastra, ateges : sastra kang winadi, sinamun, sinamar,tembungé mantja ,,kode”.
Sandi-asma, ateges : asma kang sinandi, djeneng kang sinamun, sinamar. Djeneng kang ora katuduhaké kanthi melok, ora kanthi tjetha. Katuduhaké, nanging sinamar (sinamun) ing sadjroné karangan, lumrahé ing sadjroné karangan kang sinawung: ing tembang.
Sing ada-ada migunakaké sandi-asma warna-warna iku swargi R. Ng. Ranggawarsita. Ja Sang Pudjangga swargi R. Ng. Ranggawarsita iku kang migunakaké sandi-asma warna-warna dhisik dhéwé.
Sang Pudjangga swargi R. Ng. Ranggawarsita tjarane mapanaké sandi-asma ana warna nenem, jaiku ing saben wiwitane pupuh, ing saben wiwitané pada, ing saben wiwitané gatra, ing pedhotané gatra, ing saburiné pedotan, lan ana maneh sandi-asma kang mung dumunung ing gatra sidji. Tuladhané :
RA | — | sikaning Sarkara kaésthi | (Pupuh Dhandhanggula) |
HA | — | sasmita wadyanira | (Pupuh Sinom) |
DYAN | | Tjepu kinon ningali | (Pupuh Asmaradana) |
NGA | — | wu-awu ing pamuwus nguwus-uwus | (Pupuh Putjung) |
BÉ | — | la tampaning wardjaja | (Pupuh Pangkur) |
I | — | jeg tyas sabijantu | (Pupuh Gambuh). |