Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/126

Kaca iki wis divalidasi
129
RONG prakara pilihen salah satunggal (Pupuh Durma)
GA - gat bangun angun-angun ing pradja gung (Pupuh Magetruh)
WAR - nanen tanah ing sabrang (Pupuh Pangkur)
SI - ra Sang Prabu kalihnja (Pupuh Girisa)
TA - litining wong abetjik (Pupuh Asmaradana)


B. DUMUNUNG ING WIWITANING PADA.
(Tinemu ing lajang Sabdatama, Adjimasa lsp.).
1. RA -
saning tyas kajungjun, angajomi lukitaning kalbu, lambarana. kalawan eninging ati, kabekta kudu pitutur, sumingkir ing rèh tyas wirong
2. DÈN -
samja amituhu, ing sadjronè djama Kalabendu, jogja samja njenjuda hardaning ati, anenuntun mring pakéwuh, uwohing panggawé awon.
3. NGA -
djapa tyas rahaju, ngajonama sesamèng tumuwuh, wahanané gendhak angkara kalindih, ngèndhangken pakarti dudu, dinulu luwar tibèng doh,
4. -
da kang ngadji pumpung, nir waspada rubédabé tutut, kekintilan manggon anggung atut wuri, tyas riwut ruwed dahuru, korup sinerung agoroh
5. I -
lan budajanipun, tanpa baju wéjané ngalumpuk, satjiptané wardaja ambebajani, ubajané nor paju, kari kataman pakéwoh.
6. RONG -
asta wus katekuk, kari ura-ura kang pakantuk, Dhandhanggula lagu Palaran sajekti, ngleluri para leluhur, abot ing sih swami karo.
7. GA -
lap-gangsuling tembung, Ki Pudjangga panggupitanipun, rangu-rangu pamanguning rèh hardjanti, tinanggapan prana tambuh, katenta nawung prihatos.
8. WAR -
tiné para djamhur, pamawasing warsita tanpa wus, wakahanané apan owah angowahi, jéku sangsaja pakéwuh, éwuh-aja kang linakon.
9. SI -
daning Kalabendu, saja ndadra hardaning tyas limut, mora kena sinirep limpading budi, lamun durung mangsanipun, malah sumuké angradon.