130
10. TA — tanané tumruntun, panuntuning tyas angkara antuk, kaladésa wenganing karsa kaéksi, limut kalimput angawut, mawut sanggjaning dumados.
11. ING — antara sapangu, pangungaking kaanan wus kemput, morat-marit panguripaning sesami, Sirna, katentremanipun, wong udrasa sanggon-enggon.
12. KE — mat isarat lebur, bubar tanpa daja kabarubuh, paribasan tidem tandaning dumadi, begdjané ula dahulu, tjangkem-silité anjaplok.
13. DUNG — kari gunung-gunung, kang geneng-geneng pada djinugrug, parandéné tanana kang nanggulangi, wedi kalamun sinembur, upasé lir wédang umob.
14. KOL — longaning kaluwung, prabanira kuning abang biru, sumurupa iku mung soroting warih, wewaraheé para Rasul, dudu djatine Hjang Manon.
15. SU — paja pada émut, tinon mawas ing sadjroning taun, windu kuning kono ana ‘wewé putih, gegamane tebu wulung, arsa angrabaséng wedon.
16. RA — sané wus karasuk, miwah kesuk kala-mangsa-wahju tumelung, tulus tn kena tinegor.
17.KAR — taning tyas katudju, djibar-djibur adus banju waju, juwanané turun-tumurun tan enting, antuk barkahing Hjang Agung, dén ugung saenggon-enggon.
18. TA — tuné kabéh tuntum, lalarané waluja sadarum, tyas prihatin ginantyan suka mepeki, wong ngantuk anemu ketuk, djro isi dinar sabokor.
19. A — mung pada tinumpuk, nora ana rusuh tjolong-djupuk, radja-kaja_ tjinantjangan ana nganggo tinunggu, parandéné tan tjinolong.
20. DI — raning durta katut, anglakoni ing panggawé runtut, tyasé katrem kajoman ajuning budi, budyardja mardjajéng limut, amawas pangésti awon.
21. NING — gal pakarti dudu, kadapaning paréntah ginugu, mring pakarjan saregep tetep nastiti, ngisor-duwur tyasé djumbuh, tan ana waon-winaon.
22. NGRAT — tani Sapradja gung, kéh sardjanna sudjana ing kéwuh, nora kéwran mring tjaraka agal-alit, pulih duk djaman rumuhun, tyasé teteg teguh tanggon.