Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/128

Kaca iki wis divalidasi
131
C. DUMUNUNG ING WIWITANÉ GATRA.
(Tinemu ing lajang Adjipamasa lsp.).

 I. RA ― sikaning Sarkara kaèsti, DEN ― nja kedah mamardi mardawa, NGA jawara puwarané, ― la-bélaning kalbu, I ― nukarta nis kartèng gati, RONG ― ngas rèhing ukara, GA. ― garanirantuk, WAR ― ta wasitaning kuna, SI ― nung tengran Djanma Trus Kaswarèng Bumi (1791), TA ― litining tjarita. (Serat Adjipamasa).

D. DUMUNUNG ING PEDOTANÉ GATRA
(ANDEGAN NAPAS).

 I. Songsong go- RA tjandraning hartati, lwir wini- DYAN sarosèng parasdya, ringa-ri- NGA pangriptané, tan dar- BE labdèng kawruh, angruruh- I wenganing budi, kang mi- RONG ruharèng tyas, dja- GA angkara nung, minta lu- WAR -ing duhkita, ajwa kong- SI kéwran lukitèng kintèki, kang ka- TA ginupita. (Serat Tjemporèt).
 II. Ajwa pegat ngudia RONG- ing budyaju, mar- GA -né saka basuki, dimèn lu- WAR kang kinajun, kalis ing panggawé SI -sip, ingkang TA -beri prihatos. (Serat Sabdadjati).


E. DUMUNUNG ING SABURINE PEDOTAN GATRA.

 Jektènana RONG windu ana dumawuh, pulung- GA -na kang sadjati, WAR -taning kang para djamhur, iku SI -daning kadadin, dadining TA -pa kang manggon. (Serat Djakalodang).


F. DUMUNUNG ING GATRA SIDJI, DADI SALARIK.

 Sageda sabar santosa, mati sadjroning aurip, kalis ing rèh aru-ara, murka-angkara sumingkir, tarlèn meleng malat-sih, sanityaseng tyas mematuh, badaring sapu-denda, antuk majar sawatawis, bo- RONG ang- GA su- WAR -ga mè- SI mar-TA -ja. (Serat Kalatida).
 Kadjaba dumunung ing reriptan kang sinawung ing tembang, sandi-asma uga sok tinemu ana ing karangan GANTJARAN. Tuladané, kajata ing lajang GANTJARAN Hidajatdjati. Tjoba waspadakna!
RONG -kob rukading badan, kalingan déning solah susila. GA- lap-gangsuling lésan, kalingan manis. WAR -ni awon, kalingan déning manah sarèh. SI -pat kutjiwa, kalingan déning nétya sumèh. TA -liti sudra, déning bèrbudi bawa-laksana.