Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/129

Kaca iki wis divalidasi
132
TULADA LIJA-LIJANÉ.

 Para paramèng kawi ing sapungkuré Pudjangga R. Ng. Ranggawarsita, akèh kang mapanaké sandi asma ana ing lajang-lajang reriptané, nélad lekasé Sang Pudjangga.
 Tjoba reriptan ing ngisor iki watjanen, badénen karangané sapa, sarana kotitik unining sandi-asma. Lan terangna, sandi-asmané dumunung ana ing endi.


1. Gambuh.

 Dèn lim- PAD sakèh ngèlmu, mrih uta- MA uripmu ing bésuk, jwa kesu- SU ngadjap mulja njipta mukti, mrih tume- KA kang ginajuh, tan malé- TJA dadi asor.

2. Pangkur. (Lajang Pepéling lan pamrajoga).

  Kang wus katon mobahing rat, jéku tanda dadi parenging Widi, baja pa- REK kang kinajun, kawa- SA' ndjundjung bangsa, mung marsu- DI djudjuré kang sedya madju, tanapi PRA tuduh marga, poma a- DJA tinggal éling.

3. Sinom.
  1. Lir brataning REK -si wara, mitjara rèh SA -du budi, marsudi mrih DI -paning tyas, memènget mring PRA taruni, wit djroning DJA -man mangkin, kèh kang mbéda SU -marawung, jèn limut RA -sikèng tyas, korup mring rèh KAR -ja sisip, temah sirna TA -lering titah utama.
  2. PUNGGAWA jogja njenjilah, WISA -ning wengkon sinirik, MARTA -né kang dèn upaja, KEPAREK mrih mirong wangi, KANAN - kéring udani, NGABEHI saliring kawruh, REKSA - rumeksanira, DI- ning wewengkon kaèksi, PRADJA -nira mrih tulus tata-rahardja.
4. Dandanggula.
  1. REK' -ing kar- SA mrih Sarkara wre- DI, minda wi- PRA murwèng wasitar- DJA, tambuh pa- RAN surasa-NÉ, mung sar- WA tibèng du- DU, tinemah- A tilaring wi- DJI, lire KANG ngriptèng kra- MA, nenga ring pa- NGAPUS, tan wrin su- AL mjang pangi- JAS, mrih prasa- DJA mungn lining- GA woding ka- WI, rineng- GA panggupi- TA.
  2. RA -wat-rawat rumeseping sari, DYAN kadadak budajaning sedya, MAS -mu meksa pangiketé, BE -bèting budi tjubluk, I -na-papa sumengkèng kapti, SU -mungguh ngémba lebda, MA -wardi ring kajun, AT -as tataning utama, MA -walarsih mring sagunging kang umèksi, KA -nang ruwijèng gita. (Lajang Ki Ageng Drepajuda).