Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/130

Kaca iki wis divalidasi
133


5. Pangkur. (Kalawarti Djarjabaja 8-1-1956)

RAH -ju mungkur ing duskarta, HA -mung kewran kaweken dening tan wrin, DE -njarsa angrukti kidung, BU -buka kongsi pwara, DI -naduga sajektine datan gadug, HAR- dajeng tyas kumabisa, DJA -na limpad kang den esti.

6. Midjil. (Saka Siswa S.G.B. Purworedjo)

1. SU -mundul wjat semangat kang midjil, HAR -sajéng tyas jektos, TI -ta njata tuhu panggregute, TA -tag tanggon para muda sami, JUN ndepani nagri, NAH- an munah mungsuh.

SA-nadyana kurang gaman djurit, KA -dugi rerempon, KU -du nglawan wong ala watake, TA -kah-srakah arsa ndjadjah nagri, GOM -beng tan ngengeti, BONG -gan kang anglurug.

SANDI-ASMA WUDJUD DEDAPUKANING AKSARA.

Sandi-asma iku pantjéné kudu awudjud dedapukaning wanda. Wiwit ana tjara basa Djawa tinulis nganggo aksara Latin, bandjur ana ada-ada sandi-asma kang awudjud dedapukaning aksara. Ing ngisor iki tuladané:

1. S asat mungkur basa 3. G lagaté wus kawistara Djawa

U mumira pra muda djaman mangkin
T -an tumanggah ing panggregut
R as-arasen nggegulang
I ng adjuné basa Djawa mamrih luhur
S edéné duk kuna-kuna
N gumala lir kala nguni.

2. A pan mangké wus karasaundurira Kasusasteran Djawi

U pamané trus kebandjur
R usak budaja Djawa
I ng bésuké sapa kang kélangan iku
D atan Sia wong Djawa pijambak ?
S ajekti kaduwung wuri

3. G lagate wus kawistara

B akal rusak Kasusasteran Djawi -
I ba getuné ing bésuk
N anging jén para muda
G elem agé nggagahi gumrégah nggregut
P ada glia gelem nggegulang
U mum sami mardi jekti.

4. R ahaju budaja Djawa

W us tartamtu terus tulus lestari
O ra mundur mandar Iuhur
R usak kena tjinegah
E nggih mangga énggal rumagang jén saguh
DJ ak-adjak adjeg djumaga
O ndjoné budaja Djawi.