Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/131

Kaca iki wis divalidasi

134


   Sandi asma kang kadadéan saka dedapukaning aksara kaja kang kasebut ing duwur iku, manawa tinulis nganggo aksara lija (Djawa), bandjur ilang sipating sandi-asma. Nanging sandi-asma kang kadadéan saka dedapukaning wanda, tinulisa nganggo aksara apa baé, wudjudé sandi-asma isih adjeg, ora ilang.


BAB XX. SENGKALAN.


   Wiwit djaman kuna mula wong-wong wis lumrah pada „méngeti wektu“ kang mawa kadadéan utawa lelakon wigati kajata : wektu lairé botjah, geblage (patine) sanak-sadulur, wektu ngedegaké omah, wektu omah-omah (dadi pangantén), wektu ana bebaja gedé (gunung ndjeblug, bandjir-bandang, lindu gedé, perang) lan sapanunggalane.


   Wong-wong Djawa ing djaman kuna manawa „méngeti wektu“, lumrahé tjatjahing taun ora pinéngetan nganggo angka, nanging nganggo tetembungan utawa gambar, jaiku “kang diarani sengkalan.


   Tjatjahing taun kang pinéngetan nganggo tetembungan diarani „sengkalan lamba”, déné kang pinéngetan sarana gambar diarani „sengkalan memet”.


   Kang katerangaké ing buku iki mung „sengkalan lamba”, jaiku tjatjahing taun kang pinéngetan nganggo tetembungan utawa ukara (ora nganggo angka) iku:

  1. Oléhé gawé péngetan (sengkalan) bisa kalarasaké unén-unené karo bab utawa lelakon kang pinéngetan.
  2. Gampang diéling-éloing, angél laline.


TEMBUNG-TEMBUNG KANG KANGGO ING SENGKALAN.

  Kang kanggo ing sengkalan iku tembung-tembung kang dianggep nduwéni watak-wilangan. Kanti ringkes kapratélakake ing ngisor iki :


Watak sidji' : Barang (péranganing anggané manungsa utawa kéwan) kang tjatjahé mung sidji, barang kang awangun bunder, djanma-manungsa.
Watak loro' : Barang kang tjatjahé mesti loro.
Watak telu' : Geni, barang-barang kang mawa geni.
Watak papat' : teges, „gawe”, barang-brang kang isi banju.