Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/132

Kaca iki wis divalidasi

135


Watak Lima : Buta, panah, angin.
Watak nenem : Araning rasa, tembung-tembung kang ngemu surasa obag, kang ateges, „kaju“, araning sadpada (insect).
Watak pitu : Gunung, pendita, nunggang, djaran.
(Kang awudjud saukara lan gampang diéling-éling: „Pendita gunung pitu nunggang djaran“).
Watak wolu : Gadjah, kéwan rumangkang (reptiel).
Watak sanga : Déwa, barang-barang kang dianggep bolong.
Watak das : Tembung-tembung kang ngemu surasa „ora ana”, kang ateges langit utawa duwur.


   Kanti ringkes jén sinawung sinawung ing tembang Dandanggula, uniné mangkéné:

    Djanma buweng wani tunggal gusti.
    Pangantén dwi akekantén asta.
    Gegeni putri katluné.
    Papat agawé banju.
    Buta lima amanah angin.
    Sad rasa kaju obah.
    Wiku pitwéng gunung.
    Gadjah wewolu rumangkang,
    Déwa sanga anggeganda terus mandjing.
    Duwur wijat tanpa das. (Pm).


   Mungguh pangrimbagé tembung-tembung kang kanggo ana ing sengkalan (miturut buku Tjandra Sangkala karangané Ki Bratakésawa) kanti ngélingi Guru warna wolu. Guru ateges: wewaton, paugeran, patokan. Guru warna wolu, jaiku:

  1. Guru-dasa-nama. Tembung kang pada tegesé dianggep pada watak-wilangané, kajata : pratiwi, pratala, bantala, kisma, pada déné awatak sidji.
  2. Guru-sastra. Kang sastrané (panulisé) pada, sanadjan tegesé béda, watak-wilangé dianggep pada, kajata : ésti kang ateges gadjah, jaiku pada déné awatak wolu.
  3. Guru-wanda. Kang duwéni wanda kang pada, watak-wilangané kaanggep pada, kajata : dadi karo waudadi (sagara), kaangep pada watak-wilangané , jaiku pada déné awatak papat.
  4. Guru-warga. Kang nunggal sawaarga utawa sagolon, kaanggep pada watak-wilangané kajata : ula karo baja pada kaangep déné kalebu golongan kéwan rumangkang (reptiel), kaangep awatak-wilangan pada, jaiku pada déné awatak wolu.