Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/133

Kaca iki wis divalidasi
136

 5. Guru-karja. Barang karo pakartiné (afngalé) kaanggep pada watak-wilangané, kajata : mripat karo mandeng, kaanggep pada déné awatak-wilangan loro.
 6. Guru-sarana. Sarana utawa piranti kaanggep pada watak wilangané, kajata : ilat karo rasa, kaanggep pada déné awatak-wilangan nenem. (Ilat iku piranti, wlawa srana kanggo ngrasakakeé)
 7. Guru-darwa. Barang karo sesipatané kaanggep pada watak-wilangané, kajata : geni karo panas kaanggep pada déné awatak telu, sabab ,panas” iku darwané ,,geni”. Utawa : sing asipat panas iku geni.
 8. Guru-djarwa. Tembung karo djarwane (maksude ,,djarwa rasa”) kaanggep pada watak-wilangane, kajata: retu karo gègèr, pada déné awatak-wilangan nenem.
Nagara retu = nagara ora tentrem, rusuh. Manawa nagara nganti retu, rakjaté mesti oreg, kerep obah pating bilulung kang tembungé lija diarani ,gégér”.

KATRANGAN TEMBUNG-TEMBUNG
KANG DIANGGEP NDUWENI WATAK - WILANGAN.

 Ing ngisor iki tembung-tembung kang pada dianggep nduweni watak-wilangan, kagawé tjakepan (unèn-unèn awudjud tembang). Tjakepan iku kudu kawatja urut mangisor. Saben tekan ,,padaa titik”,iku ateges tekan ing ,,wekasané gatra”.

I.Asmaradana. Watak sidji.
Tjakepan. Tegesé tembung. Sababé awatak samono *)
Djanma. Wong. Guru-warga karo nabi kang ateges panuntun agama.
nabi Wudel, panuntun agama Wong mung duwé wudel sidji.
tunggal Sidji. Wong mung duwé wudel sidji.
gusti Gusti Allah. Satunggal ngokoné : sidji, sawidji, éka, djuga.
Badan Awak, angga Wong mung abadan sidji.
rupa Warni Guru-dasanama karo tjandra kang ateges rupa
maha Linuwih Kang linuwih ora ana sing madani iku Gusti Allah (tjatjahé Gusti Allah mung sidji).

*) Tjandra sangkala Ki Bratakésawa.