Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/134

Kaca iki wis divalidasi
137
buda. Budi, angen-angen. Manungsa mung darbé angen-angen sidji.
Samadi Mudja, djubur. Manungsa mung adjubur sidji. Wong memudja uga meleng marang barang sidji.
iku Buntut, kuwé. Kéwan mung abuntut sidji.
pamasé. Ratu. Guru-warga karo nabi panuntuning agama.
Surja Srengéngé. Tjatjahé mung sidji, awangun bunder.
tjandra Rembulan, rupa. Tjjatjahé rembulan mung sidji awangun bunder.
sasa Lintang. Guru-warga karo rembulan, awangun bunder.
dara. Weteng, lintang. Manungsa aweteng sidji (dara, padaran, weteng).
Widji Isi kang tinandur. Guru-wanda karo: sawidji, sidji.
godong Ron. Guru-djarwa karo semi, tumrap wit semi iku tandaning urip, lan sing bisa urip iku widji.
lèk Rembulan. Tjatjahé mung sidji, awangun bunder.
kenja. Prawan. Guru-warga karo manungsa.
Wungkul Bunder, wutuh. Barang kang bunder kaanggep wutuh (sidji).
buweng Bunder. Guru-dasanama karo wungkul, bunder.
urip Gesang. Guru-darwa karo widji, widji iku kadunungan darwa. (sipat) urip.
nekung. Mudja-semadi. Nekung iku meleng marang bab sidji.
Njata Temen, jekti, sadjati. Barang sing njata, sing sadjati iku mung sidji.
sudira Wani, kendel Guru-dasanama karo wani, sarta wani iku guru-wanda

karo awani kang ateges srengenge.

tyas Ati. Manungsa mung darbé ati sidji.
putra. (Pm). Anak. Guru-djarwa karo mandjanma (nitis) dadi anak.