Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/14

Kaca iki wis divalidasi
15
III. Pangkur (Rerepèn M.N. IV).
  1. Djirak pinda munggwing wana (11), sajéeng kaga (12) wé rekta kang muroni (13), njenjambi kalané nganggur, wastra tumrap mustaka (14), pangiketing wangsalan kang sekar Pangkur, baon sabin ing nawala (15), kinarja langen pribadi.
  2. Sénté lit sasanéng arga (16), lenging roga (17) mina kinarja desti (18), ngleledjar ladjering wujung, sikatan-bang ngrembaka (19), pinisuka kasukan saananipun, wimbaning kang tjandrawéla (20), mrih purna pranawèng kapti.
  3. Sarkara drawa linama (21), gelang swéda (22). kramané marah siwi (23), ilang lalijèng wulangun, mundu lit daonira (24), lumeketing kajuwananirèng kajun, parab madyaning Pandawa (25), sardjua ardjaning diri.
  4. Singgang gung kang pinijara (26), mardi siswa (27) kekawinirèng èstri (28), winèh winulangken wadu, Peputut mong Pregiwa (29), kang suméwa paséwakaning kalangun, pengran tamirèng pradangga (30), sesendonan genti-genti.
  5. Witjara tanpa karana (31), bebasané djanma nunggal sapanti (32), ngajawara tanpa dunung, sampang panggilap wreksa (33), peprenésan linaras resmining kajun, narmada lit ngalang marga (34) tan lija amung ngrerepi.


IV. Sinom.
Wewangsalan roning kamal (35), pra anom dèn ngati-ati, wreksa kang pineta djanma (36), golek kawruh kang sadjati, kulik prija upami (37), anganggoa rèh. kang tuhu, kalpika pasrèn karna (38), gegelang munggwing daridji (39), ajwa tinggal miwah lali pariwara.


Batangané:
1. Téla, wlirang. 14. Iket. 27. Mulang.
2. Batok. 15. Karja. 28. Wadu.
3. Pang. 16. Kadjar. 29. Djanaloka.
4. Wengku. 17. Tlandjer. 30. Sendon.
5. Labu. 18. Dujung. 31. Ngajawara.
6. Teteg. 19. Kembang soka. 32. Dunung.
7. Terang. 20. Purnama. 33. Prenis.
8. Asat. 21. Kilang. 34. Kali.
9. Impes. 22. Ali-ali 35. Sinom.
10. Wlirang. 23. Mulang. 36. Golèk.
11. Kesambi. 24. Tjlaket. 37. Tuhu.
12. Kala. 25. Ardjuna. 38. Anting2.
13. Anggur. 26. Winih. 39. Ali-ali.