Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/15

Kaca iki wis divalidasi
16


BAB II. PARIKAN.

1.Kang diarani parikan.
Unèn-unèn mawa paugeran telung warna, jaiku:
a. Kadadéan saka rong ukara kang ḍapukané nganggo purwakanṭi guru-swara.
b. Saben saukara kadadéan saka 2 gatra.
c. Ukara kapisan mung minangka purwaka; déné "ngesé" utawa "wosé" dumunung ing ukara kapindo.
Tulaḍa:
Tawon madu, ngisep sekar. (Ukara kapisan, 2 gatra)
Tjalon Guru, kudu sabar. (Ukara kapindo, 2 gatra)

2. Gunané purwaka (ukara kapisan) mung dianggo narik kawigatèné wong kang nedya dikandani utawa dipituturi. Preluné, supaja ing sadurungé ukara kang isi "ngesé" utawa "wosé" dikanḍakaké, wong sing nedya dikandani wis ketarik atiné, satemah bandjur nggatèkaké marang "wosé kang baku" (ukara kapindo) kang satemené lagi arep diutjapaké. Marga nggatèkaké, bisa ngreti temanan marang maksudé ukara kang isi "ngesé" (ukara kapindo).

3. Manut tjatjahing wandané, parikan iku kena dipérang dadi telu jaiku:

I. Parikan kang kadadéan saka (4 wanda + 4 wanda) x 2
Tulaḍa:
Iwak bandeng, durung waju. (4 wanda + 4 wanda).
Prija ngganṭeng, sugih ngèlmu. (4 wanda + 4 wanda).
II. Parikan kang kadadéan saka (4 wanda + 8 wanda) x 2
Tulada:
Kembang adas, sumebar tengahing alas. (4 wanda + 8 wanda).
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (8 wanda + 8 wanda).
III. Parikan kang kadadéan saka (8 wanda + 8 wanda) x 2.
Tulaḍa:
Enting-enting gula Djawa, sabungkus isiné sanga.
Ingatasé para siswa, wadjib seneng nggubah basa.


4. Parikan sing kadadéan saka (8 wanda + 8 wanda) x 2, sawanéh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku kliru, sabab tembung "pada" iku tumrap reriptan kanggoné mung ana ing tembang. Déné jèn tembung "pada" iku sing dikarepaké kudu ditegesi "ukara" uga kliru, sabab parikan iku ora ana sing ka-