Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/158

Kaca iki wis divalidasi
BAB XXIV. PANUTUP.


 Minangka panutupé buku "Ngéngréngan Kasusastran Djawa djilid II" iki, pangripta asung pepudji-basuki marang para nupiksa, sinawung ing tembang. Ḍanḍanggula.

1. PAD ni Parta ing Banontjinawi
MA mrih terang rampungé
SU mawana mrih slameté
KA tutup tutur tembung
TJA tur betjik nora ketjitjir
GU mrudjug pudji-pudja
RU hara rurah-rug
BA ḍar tjabar kang rubéda
SA mja, sirna ingungsir pudji-basuki
DJA ja temah juwana.

  1. WA hanané juwana numusi

SE kaṭahé para kang nupiksa
KO taman tinemu kabèh
LAH ir-batin rahaju
GU marégah bigar panggalih
RU djuké lan klumrahan
PUR naning kang kidung
WA sana winèh sangkalan
RE rékané "Uninga Tata Trus Adji” (1953)
DIJA wah Murti Ngèsti Tyas (1884 taun Djawa)