Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/16

Kaca iki wis divalidasi
17


dadéan saka patang ukara. Parikan iku kudu mung rong ukara, sidji-sidjining ukara kadadéan saka 2 gatra; dadi kabéh ana 4 gatra. Wondéné tjarané nulis 4 gatra iku, kena baé didadékaké 4 larik.

Tulada ing angka III kang kasebut ing ḍuwur iku kena katulis mangkéné:
Enting-enting gula Djawa,
sabungkus isiné sanga.
Ingatasé para siswa,
wadjib seneng nggubah basa.


5. Wong-wong utawa botjah-botjah kang ora kepétung ing golongané wong pasinaon (kajata: tukang-bétjak, botjah angon, lsp.), tarkaḍang ngutjapaké parikan sing ora nglungguhi paugeran.

Tulaḍa:
Ngétan, bali ngulon. (2 wanda + 4 wanda).
Tuwas édan, nora klakon. (4 wanda + 4 wanda).


6. Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning genḍing, dapukaning ukarane mesṭi baé ora bisa tansah nglungguhi paugeran, sabab tjatjahing wandané kawengku ing laguning genḍing.

Tulaḍa:
I. LELAGON PARIKAN (SLÉNDRO PAṬET 9).
.5 6 1 2 1 1 6 5 6 2 6 | 1 6 1 1
Tjengkir wungu, wu-ngu-né ke-ti ban da-ru. (Ḍuh i-bu)
.6 6 6 6 6 6 6 1 5 6 3 | 5
Tjalon Gu-ru, ku-du sa-bar mo-mot mengku. (Pm).

Katrangan.
Pérangan sing dikurung, jaiku (Ḍuh, ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.

II. SUWÉ ORA DJAMU. PÉLOG PAṬET 6.
2 3 3 . 1 2 3 . . 1 2 2 3 1 2 . .
Su- wé o-ra djamu, djamu goḍong kentjur.
3 5 5 6 6 5 5 3 3 2 2 1 1 6
Su-wé ra ke-te-mu,, te-mu pisan madju mundur.