Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/17

Kaca iki wis divalidasi
18


7. Tjarané ngarang parikan.
Sing dikarang luwih ḍisik ukara kapinḍo, jaiku ukara sing isi "ngesé" utawa "wosé". Ukarané kadadéan saka 4 wanda + 4 wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda, utawa 8 wanda + 8 wanda.
Sawisé rampung pangarangé ukara kapinḍo, bandjur ngarang ukara kapisan, jaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kèhing wandané paḍa karo ukara kapinḍo, lan ḍapukané kudu mudjudaké purwakanti guru-swara karo ukara sing kapinḍo.

8. Pitakon.
Kaprijé bédané parikan karo wangsalan?

9. Klebu rerengganing basa.
Parikan klebu rerengganing basa, sabab basa sing mawa parikan iku agawé senengé wong sing matja utawa wong sing ngrungokaké. Guneman mawa parikan bisa ndjalari ramé anengsemaké. Genḍing digérongi nganggo tjakepan kang mawa parikan, bisa marakaké saja gajeng.

10. Tulaḍa parikan warna telu

I. Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2.
1. Wadjik kleṭik, gula Djawa.
Luwih betjik, sing prasadja.
2. Nangka djeruk, djambu nanas.
Rada watuk, ngelu panas.
3. Wédang bubuk, tanpa gula.
Adja ngamuk, énggal tuwa.
4. Pitik walik, tanpa lantjur.
Pangkat tjilik, arang nganggur.
5. Pitik tjilik, notol upa.
Ala sitik, uga kena.
6. Manuk emprit, méntjok pager.
Mulang murid, murih pinter.
7. Omah geḍong, pinggir lurung.
Ati ndjontong, pikir bingung.
8. Abang-abang, ora legi.
Mampang-mampang, djebul wedi.
II. Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2.
1.Kembang arèn, sumembar tepining kalèn.
Adja dahwèn, jèn kowé kepéngin kadjèn.
2. Kembang kentjur, ganda seḍep sanḍing sumur.
Kudu djudjurm jèn kowé kepéngin luhur.
3. Kembang menur, dèn sebar dèn awur-awur.
Bareng makmur, bandjur lali mring sadulur.