Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/18

Kaca iki wis divalidasi
19


4. Tjengkir wungu, wunguné ketiban ndaru.
Watak Guru, kudu sabar momot-mengku.
5. Wédang bubuk, kumrijuk gulané remuk.
Mulang-muruk, tan prajoga karo ngantuk.
6. Kembang mawar, ngganda arum ngambar-ambar.
Ati bingar, mung jen mentas tanpa bajar.
7. Rudjak tjengkir, pantes dèn waḍahi tjangkir.
Mlipar-mlipir, polahé wong duwé esir.
8. Kembang mlati, warna pèni ngganda wangi.
Watak putri, kudu gemi lan nastiti.
9. Klapa sawit, wité ḍuwur wohé alit.
Idjih murid, adja seneng ketjèh ḍhuwit.
10. Kembang tjengkèh, ganda seḍep warna anèh.
Wong sing sumèh tartamtu mitrané akèh.
11. Rudjak wuni, rudjaké para pemuḍi.
Adja lali, kudu anetepi djanji.
12. Rudjak ḍonḍong, pantes dèn waḍahi loḍong.
Jèn wis tjoḍong, dèn tandangi gotong-rojong.

III. Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2.

1. Gawé tjao nagka sabrang, kurang setrup luwih banju.
adja awatak gumampang, ingatasé tjalon Guru.
2. Sega punar lawuh empal, segané pangantèn anjar.
Dadi murid adja nakal, kudu ulah ati sabar.
3. Djangan katjang djangan kara, kaduk ujah kurang gula.
Piwelingku mring pra muḍa, adja wedi ing rekasa.

BAB III. GURITAN.

1. Tembung "guritan" linggané "gurit", tegesé : kidung utawa tembang. Ana tembung "gurit" kang ateges : tulisan awudjud tatahan.
Nggurit, ateges:

I. Ngripta tembang, kidung utawa rerepèn.
II. Nglagokaké tembang, ngidung utawa ngrerepi.

2. Guritan iku kalebu rumpakan kang mawa paugeran tartamtu (gumatok). (*) Wondéné paugerané guritan mangkéné :

I. Tjatjahing gatrané ora tartamtu, nanging lumrahé saṭiṭiké 4 gatra.
II. Tjatjahing wandané gatra sidji karo sidjiné adjeg pada kèhé.

(*) Basa pinaṭok kang tumata.