Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/19

Kaca iki wis divalidasi
20

III. Ḍong-ḍinging swara ing kabèh wekasané gatra kudu runtut, jaiku nganggo purwakanṭi guru-swara.
IV. Sangarepé reritan kang diarani guritan, lumrahé nganggo bebuka "Sun nggegurit". Nanging tembungé "Sun nggegurit" mung sidji, sanḍjan olèhé ngarang bisa uga ngaṭi pirang-pirang guritan.
Tulaḍa :
Sun nggegurit :

I. "Kaanan djaman saiki
sipat pemuḍa-pemuḍi
srawungané saja ndadi
raket wewékané sepi
tan kadi duk djaman nguni
srawung sarwa ngati-ati"
II. "Jèn manut wasitèng kuna
prija srawung lan wanita
gampang ketaman panggoḍa
nerak ing laku susila
temah darbé djeneng ala
wasanané tibèng papa". (Pm).

3. Saguritan, tumrap tembang Matjapat diarani sapada tumrap tembang Geḍé diarani sapadéswara. (1 couplet, 1 bait).
4. Tembang kang ḍapukaning gatra-gatrané mirib dapukaning guritan, jaiku tembang Girisa (kalebu golongané tembang Geḍé). Guru-wilangané Girisa, gatra sidji karo sidjiné paḍa baé, ḍong-ḍinging swarané kabèh tiba lagnjana (legena).
5. Sawenèh guritan ana sing mung mburu purwakanṭi guru-swara baé; surasané gatra sidji karo sidjiné ora runtut, ora ana gegajutané.
Tulaḍa:

Orak-arèk orak-arèk
tjetak geḍé djaré tekèk
paku kaju aran pantèk
gimbal katjang aran péjék
koḍok muni djaré ngorék. (Pm).

6. Kabèh lelagon dolanan, sanadjan tjatjahing wandané ing gatra sidji karo sidjiné ora paḍa kèhé, lan ora kabèh ḍong-ḍinging swara ing wekasaning gatra-gatrané runtut (nganggo purwakanṭi guru-swara), lumrahé kagolongaké bangsané guritan.