Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/26

Kaca iki wis divalidasi
27

1 padéswara, tumrap tembang Tengahan lan Matjapat diarani 1 pada.

Tembang Kawi saben 1 padéswara = 2 padadirga, utawa 4 padapala. Dadi 1 padadirga = 2 padapala.

Tjatjahing wanda saben 1 padapala diarani 1 laku. Padapala sidji karo sidjiné, tjatjahing wandane pada baé. Dadi saben tembang Kawi satembangan ana 4 laku.

Tembang Tengahan lan Matjapat saben 1 pada ana sawatara gatra. Kéhing gatrané sidji-sidjiné tembang Tengahan lan tembang Matjapat iku gumatok (tartamtu). (*)

6. Golong-golongané tembang Kawi.

I. Salisir, jaiku tembang Kawi sing laku 5 tekan 10.
II. Siriran, jaiku tembang Kawi sing laku 11 tekan 20.
III. Raketan, jaiku tembang Kawi sing laku 21 tekan 30.
IV. Simparan utawa Denda, Jaiku tembang Kawi sing laku luwih saka 30.

Tembang Kawi Simparan (Denda) ing djaman saiki prasasat wis ora kanggo.

7. Pedotané tembang.

Sing diarani pedotané tembang papan ngasoning napas nalika wong nglagokaké tembang.

Tembang Kawi sing laku 5 lan laku 6 tanpa pedotan.

A. Pedotané tembang Kawi.

Tembang Kawi sing pada lakuné ora mesti pedotané. Nanging sing akéh-akéh, tembang Kawi sing laku:

7. pedotané 3-4. 10. pedotané 5-5 utawa 4 - 6.

8. pedotané 4-4. 11 pedotané 5-6.

9. pedotané 4-5. Luwih saka Jaku 11 pedotané ora mesti.

B. Pedotaning. gatra-gatrané tembang Matjapat (lan Tengahan) ndelenga Ngéngréngan Kasusastran Djawa djili I katja 25-26 (tjap-tjapan kaping papet):

8. Andegan

Andegan iku uga papan ngasoning napas nalika, wong nglagokaké tembang, nanging pangasone ing andegan luwih suwé tinimbang pangasone ing pedotan.

_______

(*) Kajata: Kinanti Sash 6 gatra, Pangkur mesti 7 gatra, Sinom mesti 9 gatra, Isp.