Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/28

Kaca iki wis divalidasi
29

Anḍeganing tembang Kawi dumunung ana ing wekasané kabèh padapala. Andegané tembang Tengahan dumunung ing wekasané kabèh gatra. Wondéné andegané sidji-sidjiné tembang Matjapat dumunung ana ing gatra sing endi, ndelenga daptar ing katja 28.

9. Tembang djaman bijén lan saiki.

Ora kabéh tembang ing djaman bijén pada karo’ tembang ing djaman saiki; ana sing béda, Béda mungguhing golongané utawa mungguhing paugerané. Tulaḍané :

1. Bijén kalebu.tembang Gedé, saiki kagolong tembang Matjapat, jaiku tembang Girisa, :

II. Bijén kalebu tembang Tengahan, saiki kagolong tembang Matjapat, jaiku tembang Megatruh, Gambuh, Wirang- rong, Djurudemung lan Balabak.

III. Paugerané tembang Balabak, bijén mung 4 gatra, saiki 6 gatra. Bijén guru-laguné ija ora kaja djaman saiki. Waspadakna tulada Balabak kasebut ing ngisor.

IV. Paugerané tembang Girisa, bijén ora kabéh wekasaning gatrané tiba a. Maspadakna tulada!

V. Paugerané tembang Sinom, bijén gatrané kang katelu kena tiba 0; saiki kudu tiba a.

VI. Paugerané tembang Midjil (bijén diarani Pamidjil), bijén gatrané kang kapindo tiba é, saikitiba o.

10. Tulada tembang djaman bijén.

Balabak, petikan saka lajang Tjențini. I. Rogok-rogok Astradenta gedé-duwur, dedegé. Godég tepung mberuwes nggabres andjemprok, djénggoté.
II. Nétra kedok alojop malolo lambé, andomblé. Angerangkok adojok ngetimil rindik, lakuné.
Girisa, petikan lajang Rama-Kawi. Pawéstri agja njuguhi, toja kalawan wowohan, tojanja srep awor arum, sesuguhira nuwuki, wré suka-suka sadaja, tinakonan lakunira, wanara saurira ris, ingsun wré ing Mangliawan.

11. Pupuh.

Pupuh iku kumpulé tembang sawarna nganti pirang-pirang pada, lan kang surasaning tjakepané pada sidji karo sidjiné ana gegajutané.

Buku sidji isiné tarkadang nganti pirang-pirang puluh pupuh, kajata Serat Rama anggitané R. Ng. Jasadipura I. Ana uga buku kang mung isi sapupuh, kajata buku Sabdatama anggitaneé R. Ng. Ranggawarsita, mung isi pupuh Gambuh tok, kéhé 22 pada.