Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/29

Kaca iki wis divalidasi
30

12. Kekawin.

Kekawin iku puku kang isiné (tjaritané) abasa Kawi (Djawa-kuna) lan sinawung ing tembang Kawi, kajata : Kekawin Ardjunawiwaha, Karangané Empu Kanwa. Kekawin Bharatayudha, karangané Empu Sedah (lan Panuluh).

13. Kidung

Kidung iku tembang sing tjakepane abasa Djawa-Tengahan, wondéné tembangé, sing akéh-akéh tembang Tengahan (nganggo guru-gatra, guru-wilangan lan guru-lagu). Tarkadang awudjud tembang Gedé utawa tembang Matjapat, nanging basané mesti basa Djawa-Tengahan. Jén awudjud tembang Gedé(cloka), dapukané tanpa guru-lagu;.dadi ora pada karo tembang Gedé kang kamot ing buku? Kekawin. Jen awudjud tempang Matjapat ja ana bédané karo Matjapat ing djaman saiki, kajata tembang Pamidjil ing buku. Kidung Subrata, guru-laguné gatra kapindo tiba 6, jén Midjil ing djaman saiki tiba o.

Buku? sing isiné sinawung ing Kidung, kajata: Kidung Subrata, Déwa Rutji, Sudamala, Pandji Angréni lan Sri Tandjung.


14. Ura-ura

Ura-ura iku nembang kang tjakepané mung apalan baé, tanpa buku. Tuladané tjakepan kang lumrah dianggo ura-ura, kajata :

I. Dandanggula. Semut-ireng ngendog djroning geni, ana merak bandrék lawan landak, koliane Sakenone matané, tikusé pada ngidung, kutjing gering ingkang nunggoni, kodok nawu sagara, oleh banténg séwu, si pretjil ingkang andjaga, semut-ngangrane angrangsang gunung Merapi, wit ranti awoh dlima.
II. Gambuh. Sega iwak lan duduh, djangan menir tur petene wutuh, gudeg manggar miwah petjel iwak pitik, endog-témpé abon krupuk, lawan brongkos iwak tjongor


15. Bawa.

Bawa iku tembang kang dianggo murwakani gending, minangka lelirune buka kang mung kadadean saka unine salah-sidjining praboté gamelan. Gending kang wis dibawani, tanpa buka. Sing lumrah dianggo mbawani gending iku tembang Gede utawa tembang Tengahan, kala-kala tembang Matjapat. (Ndelenga tulada bawa Kinanti tjengkok Sekargadung!)