Kaca iki wis divalidasi
35
Sing dianggo panembrama iku lumrahé tembang Kinanti, nganggo salah-sidjining lagu. Kala-kala ja ana panembrama nganggo tembang salijané Kinanti, kajata nganggo tembang Sinom, Asmaradana lsp. (Ndelenga lagu Sinom ketawang, Sl pt M katja 44).
28. Kinanti lan Kinanti-djugag.
Pada-pada tembang, sing laguné akèh déwé jaiku tembang Kinanti, sabab tjakepan tembang Kinanti iku prasasat kena dianggo nggérongi sakabèhé gending; tjotjog karo djenengé „Kinanti” tegesé „ginandèng”, kena digandeng déning gending apa baé (dianggo nggérongi). Djenenging laguné tembang Kinanți pada karo arané gending kang digérongi nganggo tjakepan tembang iku, kajata: Kinanti-Subakastawa, Kinanți-Sandung, Kinanti-Tèplek lsp.
Kinanti iku saben sapada tjatjahing wandané 48. Wondéné Kinanti-djugag (tegesé Kinanti-tjekak), iku bangsané tembang kang lumrah dianggo nggérongi gending tartamtu, lan kang tjatjahing wandané saben sapada kurang saka 48. Tulaḍané, kajata sing dianggo nggérongi gending Puspawarna, Sitamar-dawa, Langen-gita, Radja-swala lsp.
Gending kang lumrah digérongi nganggo salah-sidjiné Kinanți-djugag, kena baé digérongi nganggo Kinanti. Tuladané, ndelenga gending Puspawarna katja 57 - 58 !
29. Tulada tembang warna-warna, petikan saka buku Lagu Djawi lan buku Sariswara.
1. PUKSARA = 5 x 2 x 2, Pl pt Br.
I. Tembang Gedé golongan Salisir.
|
|