(Panembrama kang dudu tembang Kinanti).
02 2 232. 126121.0555615.6 1 565
Da- had su- ka su- keng dri- ja, Pa-ni-tya sung pu-dyas- tu-
..1 1 12 1. 12 1616 5.03 335 3 1 2 2321
ma-nembra-ma mring pa- du- ka, pa- ra ta- mu ka-kung pu-
.. 6 6 12.23 12 616|5.6 1 6165 | 2 2 35 232
Wus da- ngan a- ngra-wuh- i, pa-har-gjan tan- da dju- mu-
.. 5 56 5 6 12 6 16 | 5. 3 3 35 | 3.1 2 2321
mring an- tjas-ing Pa- ni- tya, dènnja sa-mja a- mè- nget-
.. 0 06 12 6 16 5.6 1 6165 2 2 35 2 32
S. R. ngri ki mangkja sam- pun da- sa war-
1. Gamelan (ngoko), gangsa (krama), pradangga (Kawi). Gangsa, satemené tembung tjamboran-wantjahan, wutuhé muni: temba ga radja sa. Tembaga lan radjasa iku arané pelikan (logam), ditjampur lan diluluh, digawé gamelan. Tembung „gasa” (tembaga +radjasa), paketjapan lan panulisé mingsed dadi „gangsa”.
Pradangga, saka tembung Sangsekerta „mardangga”, tegesé sing satemené „kenḍang”. Mardangga, mingsed dadi „mandaraga”, upamané ing ukara: imbal lir mandaraga. (*)
2. Gamelan saprangkat iku kadadéan saka kumpulé reritjikan warna-warna. Reritjikan iku ana sing awudjud:
a. Wilahan, jaiku: gambang, gendèr, demung, barung, pe
king, slentem.
b. Pentjon, jaiku: gong, kempul, ketuk, kenong, bonang lsp
c. Kebukan, jaiku: kendang.
d. Sebulan, jaiku: suling.
e. Saka kawat, jaiku: rebab, tjlempung, siter.
____
- ) Asliné muni „mrdangga”.