Kaca iki wis divalidasi
45
3. Gunané reritjikané gamelan ana sing minangka:
- a. Pamurba irama, jaiku kendang.
- b. Pamangku irama, jaiku ketuk, kenong, kempul, gong, kempjáng.
- c. Pamurba lagu, jaiku: barung (bonang geḍé).
- d. Pamangku lagu, jaiku: demung, slentem.
- e. Pamangku jatmaka, jaiku: gender, gambang, tjlempung.
- f. Pambuka patet, jaiku: rebab.
- g. Ubarampé murih mujeg (gajeng), kajata: suling, siter, keprak, ketjèr lsp.
4. Wadhahé peprintjèning gamelan ana sing diarani:
- a. Plangkan (kaju), jaiku: ketuk, kenong.
- b. Rantjakan, yaiku bonang, rebab, suling, kendang.
- c. Pangkon, jaiku: gendèr, saron, barung, demung.
- d. Grobogan, jaiku: gambang, gong-kemodong.
- e. Gajor, jaiku: (panjanțélan) gong, kempul.
5. Piranti ing reritjikané gamelan ana sing diarani:
- Pluntur = tali (benang) kang dumunung ing gender, slentem.
- Denda = kaju gilig panantjangan pluntur.
- Sanggan = kuningan (wesi) sing njangga pluntur.
- Bremara = pantèk kantjingé pluntur sing mlebu wilahan (sing digawé pring).
- Platjak = paku (kuningan, wesi) kang mlebu ing wilahan.
- Tawonan = gabus (pendjalin) sing nggandjel wilahan.
- Bantalan =sepet (kabuntel gombal) gandjeling wilahan gambang.
- Klanthé = tali sing kanggo nggantung gong, kempul.
6. Reritjikané gamelan sing arang-arang anané, kajata:
- Panontong, wudjudé kaja bendé.
- Gambang-gangsa, gambang saka prunggu.
- Rodjèh, kaja batok mangkureb (katabuh ing gending Monggang).
- Ketjèr, katabuh ing gending Kodok-ngorèk.
- Robjong, katabuh ing gending Monggang.
- Kemanak, katabuh ing gending kanggo beksan baḍaja.
- Bendhé, mèmper kempul.
- Keprak, mèmper kotak sing digawé saka prunggu.
- Tjluring, mèmper batok mangkureb tjatjahé 7 (sing ana mung Jogjakarta).
- Klinthingan, katabuh ing gending Kodok-ngorèk.