Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/45

Kaca iki wis divalidasi
46

7. Araning golong-golongané gamelan :
I. Gamelan Ujon-ujon-ganep, gamelan sing pepak reritjikané.
II. Gamelan Ujon-ujon-madya, (ing_Sala aran gamelan Klenéngan), ratjikané ora pepak. Tanpa bedug, bonang, saron. Gunané: 1 Kanggo klenéngan, 2 Kanggo tabuhané wajang.
III. Gamelan Klenéngan gadon, pada karo gamelan Ujon-ujon-madya, nanging tanpa kenong lan kempul, tanpa gong-gantung, nganggo gong-kemodong.
IV. Gamelan Sengganèn reritjikané awudjud wilahan kabèh. Bonangé, ketuké, kempulé, kenongé, gongé ija awudjud wilahan kabèh; wilahan mawa pentju.
V. Gamelan tjilik, reritjikané uga awudjud wilahan kabèh, dadi kaja gamelan Sengganèn. Bédané: gamelan Sengganèn sing digawé saka gangsa (prunggu), gamelan tjilik saka wesi utawa kuningan.
VI. Gamelan Monggang, reritjikané: bonang, rodjèh, kenong, panontong, ketipung, gong-gedé. Ora nganggo sawarnaning laras, mung laras telung warna, jaiku: laras panunggul, laras lima lan laras nem. Gamelan Monggang ana warna loro, jaiku:
a. Monggang Gedé, panabuhé mung manawa ana upatjara djumenengan lan ing wektu mijosé Ratu tedak ing Sitinggil (pinudju dina grebeg).
b. Monggang Patalon, panabuhé saben dina Setu, jaiku ing wektu mijosé Ratu tedak ing Sitinggil nedya mriksani gladèn kapradjuritan. Nganti sapréné saben dina Setu djam 16.00, gamelan Patalon ditabuh ana ing Sitinggil.
VII. Gamelan Kodok-ngorèk, rerit jikané bonang, ridjal, ketjèr, klintingan, gendèr, gambang, kenong, panontong, ketipung, gong. Panabuhé şaben dina Gedé.
VIII. Gamelan Tjarabalèn, rerit jikané: panembung, kenong: kempul, ketipung, gong-gedé. Gunané dianggo nabuhi gladèn perang, utawa beksan wirèng.

8. Gamelan sing misuwur.
a. Ing kraton Sala : 1 Gamelan Sekatèn Nagadjénggot lan Kjai Djimat, 2 Larasati, 3 Pangasih, 4 Gunturmadu, 5 Kantjilbelik, 6 Kadukmanis, 7 Manisrengga.
b. Ing kraton Ngajodja: 1 Gamelan Sekatèn Nagailaga lan Guntursari, 2 Hardjanagara, 3 Hardjamulja, 4 Madukéntir, 5 Siratmadu, 6 Medarsih, 7 Mikatsih.