Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/48

Kaca iki wis divalidasi

49


  Panabuhé gamelan sléndro lan pélog, sidji-sidjiné mawa patet warna 3, jaiku:

  1. Pateting gamelan sléndro.
    1. Patet nenem, mawa dedasaring swara laras gulu.
    2. Patet sanga, mawa dedasaring swara laras lima.
    3. Patet manjura, mawa dedasaring swara laras nem.
  2. Pateting gamelan pélog.
    1. Patet lima, adedasar swara laras panunggul (bem).
    2. Patet nenem, mawa dedasaring swara laras lima.
    3. Patet barang, adedasar swara laras gulu.


  5. Sing mesti migunakaké patet warna telu iku gending2 sing dianggo ing kuwajangan (padalangan); olehe ngetjakake kanti ngélingi wektu, jaiku:

  1. Gamelan sléndro kanggo nabuhi wajang-purwa.
    1. Patet nenem djam 21.00 - 24.00, wiwit djedjer tekan perang prampogan utawa perang gagal.
    2. Patet sanga djam 24.00 - 03.00, wiwit djedjer pendita (wetuné bambang) tekan perang-kembang.
    3. Patet manjura djam 03.00 - 06.00, wiwit salebaré perang-kembang tekan tantjep-kajon. (Manjura ateges: merak, maksudé : ing wektu iku wis prak-ésuk).
  2. Gamelan pélog kanggo nabuhi wajang-gedog.
    1. Patet lima djam 21.00 - djam 24.00, wiwit djedjer tekan prang prampogan.
    2. Patet nenem djam 24.00 - djam. 03. 00, wiwit salebaré prang prampogan tekan perang Bugis.
    3. Patet barang djam 03.00 - djam 06.00, wiwit salebaré perang Bugis tekan tantjep-kajon.


  6. Araning gending-gending kang mawa patet tartamtu, kajata:

  1. Gending-gending sléndro.
    1. Patet nenem: Marasandja, Kadatonbentar, Prihatin, Semukirang, Kadukmanis, Raranangis, Peksibajan, Menjanséta, Puspawedar, Lobaningrat, Paréanom, Lokananta, Udansoré, Madjemuk lsp.
    2. Patet sanga: Bawaraga, Mawur, Luntangkasmaran, Danaradja, Kalunta, Daradasih, Géndjonggoling, Gégér-soré, Menjankobar, Madukotjak, Onang-onang, Éling-éling-kasmaran lsp.
    3. Patet manjura: Lambangsari, Gandrungmangu, Dalang-kerinan, Damarkéli, Montrokendo, Djakalola, Randanunut, Prekututmanggung, Bambangwétan lsp.