Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/49

Kaca iki wis divalidasi
50


B. Genḍing-genḍing pélog.

I. Paṭet lima: Kombangmara, Rarandjala, Sawunggaling, Majangmekar lsp.
II. Paṭet nenem (bem): Gondjanganom, Sarajuda, Kaduk-manis, Mégamendung, Randukéntir, Rudjaksentul lsp.
III. Paṭet barang: Maraséba, Muntjar, Larasmaja, Sriwidada, Kuwung-kuwung, Bojong lsp.


7. Wataking gending, ana sing:

I. Sigrak, kajata: Ladrang Diradameta, Ladrang Kagok madura lsp.
II. Lanjap (nanging alus): Ladrang Sriwibawa, Ladrang Tirtakantjana lsp.
III. Anteng (ruruh lan alus): Ladrang Gondjang-gandjing, Ladrang Kembangtandjung lsp.
IV. Trenjuh: Ladrang Tlutur, Ladrang Éling-éling-kasmaran lsp.
V. Getjul: Ladrang Mandraguna, Ladrang Gégot lsp.
VI. Lega lan gembira: Ladrang Pangkur (sing dikebaraké), Ladrang Asmaradana (sing dikébaraké) lsp.


8. Saréhné wataké gending iku ora pada baé, panganggoné ija béda-béda. Malah ana gending sing panganggoneé wis tartamtu, kajata:
a. Genḍing-genḍing sing dianggo talu:

I. Tjutjurbawuk,
Il. Paréanom,
Ill. Ladrang Srikaton,
IV. Ketawang Suksmailang,
V. Ajak-ajakan manjura,
VI. Srepegan manjura,
VII. Sampak manjura.

b. Genḍing-genḍing kang kanggo.djedjeran, jén djedjeré:

I. Btr. Guru, gending Kawit.
II, Nata Amarta, gending Kawit (gending-gendér).
III Nata Astina, gending Kabor.
IV Nata lija-lijané, gendingé kena krawitan baé.

c. Genḍing-genḍing sing dianggo ngurmati tamu, jèn tamuné:

I. Nata Amarta sakadangé genḍing Ladrang Mangu.
II. Nakula déwé (Sadéwa déwé), genḍing Ladrang Kembangpépé.
III. Baladéwa, gending Ladrang Diradameta utawa Ladrang Sobrang.
IV. Djanaka, gending Laḍrang Srikaton.
V. Lan lija-lijané.