Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/50

Kaca iki wis divalidasi
51


d. Genḍing-genḍing tartamtu lija-lijané:

I. Gending Koḍok-ngorék, kanggo temuné pangantén.
II. Gending Bojong, djogédé pangantén lanang (ing tajub).
III. Genḍing Gangsaran, suwuk dadi Ketawang Pisang bali, kanggo nabuhi gladén perang utawa beksan wiréng.


9. Golong-golongané gending ana warna lima, jaiku:

I. Gending gedé: ketuk 4 kerep, sakenongan, 32 tutukan, kenong 3 (papaté bareng karo gong).
II. Gending tengahan: ketuk 2 kerep, sakenongan 16 tutukan, kenong 3 (papaté bareng karo gong).
III. Gending ladrangan: ketuk 2, sakenongan 8 tutukan, kenong 3 (papaté bareng karo gong).
IV. Gending ketawangan: ketuk 2, sakenongan 8 tutukan, kenong 1 (loroné bareng karo gong). Ketawangan-tjilik nganggo kempul, ketawangan-gedé tanpa kempul.
V. Gending lantjaran, jaiku sakabéhé. gending sing panabuhé rikat (seseg), kajata: Kebogiro, Béndrong, Manjar-séwu lsp.


10. Mérong, iku lelagoning gending kang durung munggah utawa durung mundak ketukané. Upamané gending Gambir-sawit, manawa durung munggah mawa ketuk 2, jén wis munggah bandjur mawa ketuk 4.
Mérong iku uga kena ditembangi (Ndelenga katja 43 gérong Djurudemung).

11. Buka.
Manawa ora dibawani nganggo tembang, gending iku dipurwakani nganggo buka. Sing dianggo murwakani (mbukani) gending, sing adakan déwé rebab.

Tabuhé rebab arane kosok. Bebasan "ora angon kosok”, tegesé lugu: ora nggatékaké tabuh rebab. Maksude: ora nggatékaké uniné rebab sing dianggo mbukani genḍing, ndjalari kliruning panabuhé gamelan. Upamané: rebab muni patet sanga, salah-sidjiné nijaga ana sing nabuh patet manjura. Hla kliru, marga ora nggatékaké uniné rebab sing dianggo mbukani. Surasané bebasan iku: ora ngélingi wektu.


12. Umpak-umpak, iku lelagoning tetabuhan ing salebaré buka (*) Umpak-umpak iku lumrah ditembangi, nganggo Wa- kepan parikan utawa wangsalan.

13. Gérong, lelagoning tembang kang binarung ing genḍing. Genḍing iku murih mujek lan gajeng, kudu digérongi lan disenggaki.


(*) utawa salebaré bawa.