Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/51

Kaca iki wis divalidasi
52
Bakuning gérong iku ing salebaré umpak-umpak. Déné senggakan iku unén-unén saketjap utawa luwih kang sumle ing tengah-tengahé tjakepan gérong.
Sing adakan dianggo nggérongi gending iku tjakepané tembang Kinanți-djugag.Ja ana gending kang digérongi nganggo tjakepan tembang salijané Kinanți udata Kinanți-djugag, kajata nganggo tjakepane Sinom. (Ndelenga,tulaďa katja 44).
14. Gérong luwih saka sawarna.
Sawenéhé pending kena digérongi nganggo tjakepané tembang luwih saka sawarna; kajata gending Puspawarna kena digérongi nganggo tjakepan Kinanți bebarengan karo tjakepan Kinanți-djugag. Mung baé wiwité tjakepan Kinanți kudu luwih disik, sabab isiné tjakepan iku luwih akéh (dawa) tinimbang tjakepan Kinanti-djugag. (Ndelenga tulada katja. 57).
15. Sindénan, iku lelagoning pasindén (waranggana} kang binarung swaraning pradangga.
Murih saja, mundak mujek lan gajengé, kadjaba: digérongi lan disenggaki, gending iku nganggo disindéni. Mung gending sing dianggo: manembrama, ora lumrah disindéni lan ‘disenggaki. Généja?
Sing nggérong iku lumrahé para nijaga, sing njindéni waranggana. Pasinďén (waranggana) wiwité nembang luwih kari tinimbang nijaga, nanging tumekané andegan, swarané pasindén lan swarané nijaga bisa mak-,,sreg” bebarengan mandeg. Pepinďane, pasindén karo nijaga iku kaja ojak-ojakan. Nijaga mangkat disik, pasindén nusul (nututi). Tekané ing panggonan nang ditudju (gong) nunggal wektu, mak-,,sreg” bebarengan manďeg. (Ndelenga tulaďa, gérong Sinom Paridjata katja 54-55).
16. Genďing mawa pedotan.
Genďing iku ana sing sok dipedot utawa lérén sadéla, prelu diselani temang sing saémper bawa. Sarampungé tembang sing dianggo njelani bandjur wiwit gending iku maneh tulada gending B d conding iia manéh. (Ndelenga tulada gending Brondongmentul lan Prekututmanggung ‘katja (58-62).
17. Wiwité mumbul banget kagunan gending Djawa ing djaman K.Sultan Agung. Manut buku babad tanah Djawa, para narpa-wandawa( putra-sentana Ratu) pada diwadjibake wasis ing babagan kagunan gending Djawa. Dawuh-pangandikané K.Sultan Agung suranaé mangkené: ,,Manawa ana putra-sentaningsun kang ora wasis ing kagunan gending, ingsung djabakaké darah Mataram.
Buku Sastragending iku karangané K. Sultan Agung. Ing ngisor iki ana tjuplikané: