Kaca iki wis divalidasi
63
2. Kadjaba dipérang dadi djogéd-wanita lan djogèd-prija, djogèd iku isih akèh pepilahane, jaiku :
- Djogèd-wanita.
- Alus, kataja djogèd nadaja, srimpi.
- Prenès, kataja : gambjong, golèk, wajang, petilan,topèng, bondan.
- Getjul, kataja : djogèdè Limbuk, Tjangik, emban.
II. Djogèd prija
- Alus, ruruh, kataja : djogèdè Puntadèwa, Ardjuna, Abimanju lsp.
- Alus-lantjap, kataja : djogèdè kresna, karna lsp.
- Dugangan alus, kataja : djogèdè Gatutkatja, Setjaki lsp.
- Dugangan-agalan, kataja : djogèdè para rotan-danawa.
- Getul-alus, kataja : djogèdè Narada, Durna, Tjantrik.
- Getjul-dugangan, kataja : djogèdè Petruk, Burisrawa lsp.
3. Tontonan mawa djogèd kang disenengi dèwè dèning bang Djawa jaiku wajang. wajang iku ana warna pitu, jaiku :
- Wajang-bèbèr, olèhè mitingtinakè sarana dibèbèr (di djèreng), tjaritanè kajata lelakonè Djaka Kembangkuning lsp.
- Wajang-purwa, babonè tjarita saka buku Mahabarata, Ramajana lan Kresnajana. Ja wajang-purwa iku sing disenengi dèwè dening bangsa Djawa.
- Wajang-madya, kaja wajang-purwa, nanging tjritanè wiwit saka Prabu Gendrajana ing Astina tekan Lembu-subrata ing Madjapura. Dadi, lakon-lakon ing salebarè Prabu Parikesit.
- Wajang-gedong, uga sok diarani wajang-wasana, njritakakè lakon- lakon ing salebarè Lembusubrata tekan Pandji Kudalalèjan ing Padjajaran, sing misuwur dèwè lakon Pandji PUtra (Djenggala).
- Wajang klitik utawa wajang-krutjil, njritakakè lakon lakon ing djaman Padjajaran tekan Majapahit Prabu Brawidjaja wekasan, siang misuwur dèwè lakon Damar wulan - mènakdjingga.
- Wajang-golèk, njritakakè lelakonè Wong Agung Mènak (Djajèngrana).
- Wajang-suluh, tuwuhè ing wiwitè djaman kamardikan (1946), nggantjarakè babad (sedjarah), maksudè dianggo nenangi semangating rakjat.
4. Wajang-wong, ananè wiwit taun 1910, lakon-lakon kang ditjeritakake pada karo lakon-lakon ing wajang-purwa, nanging diringkes. (Lakon kang dipitongtonakè ing wajang-purwa sadjronè 9 djam, ing wajang-wong mung 3 djam).