Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/63

Kaca iki wis divalidasi

64


5. Badaja, srimpi, ing djaman bijèn mung dipotongtonakè ana ing kraton sala, kraton Najodja, pura Mangkunegaran lan pura Pakualaman. Badaja iku putri, ing kraton Sala lan Ngajodja tjahjahe 9, ing pura Mangkunegaran lan Pakualaman mung 7 Srimpi iku uga putri, tjahjahè mesti 4.

6. Gambjong, mung mitongtonakè djogèd (tanpa lakon), sing ndjogèd wanita, njogèdè ija diarani djoged-gambjong. Djoged-gambjong iku dèk djaman bijen diarani djogèd-glondrong. Wiwitè diarani djogèd-gambjong bareng ana wanita aran Gambjong kang wasis banget njoged-glondrong.

7. Wirèng, mitongtonakè gladèn kapradjuritan, katindakakè dèning prija utawa wanita, tjahtjahè ora mesti. Wirèng iku ana sing diarani :

I. Saritunggal, sing njogéd wanita 1. II. Padmasari, sing njogèd wanita 2 (panganggonè kembar) III. Tjatursari, sing njogèd wanita 4 IV. Wirèng-Pandji sing njogèd prija 2 V. Wirèng-bandabaja (bandajuda, bandawala), sing njogèd prija kembar 2 utawa 4.

8. Petilan, kaja wirèng, nanging mitongtonakè petikaning lakon sing njogèd prija utawa wanita, utawa tjampuran. Pentilan iku mawa antawatjana (guneman) lan nembang, wireng ora.

9. Bondan, mitongtonakè senengè wanita kang mentas nglairakè anak. Panganggone: tapihan wiron utawa mawa simparan, aklambi kotang, nganggo djamang utawa ora; tarkadang tanpa kotang, mung nganggo mekak utawa kemben. Ubarampènè: pajung, kendi, bonèkah. Nganggo tetembangan, dianggo nglèla-nglèla anakè (bonèkah). Mawi njogèd antjik-antjik kendi, mitongtonake kaprigelan. Sawisè rampung, kendinè di banting nganti ambjar, prelunè supaja wong-wong sing pada nonton ngerti manawa iku kendi lumrah (saka lemah).

10. Golek, mitongtonakè kenja kang lagi nedeng birahi, tjahjahè sung njogèd ora mesti. Panganggonè: tapihan mawa simparan, klamben, djamangan; jèn sing njogèd isih tjilik, olèhè tapihan mung nganggo sabuk-wala. Kena mawa tèpas utawa ora; tanpa antawatjana, tanpa nembang.