Kaca iki wis divalidasi
69
- Apa kang ana ing kowé, tibakna! Daktamèngi dhadha! (Apa kang ana ing kowé kowé duwé gegaman apa baé).
- Apa ora kulak warta adol prungon manawa .... (isiné djenengé wong sing sesumbar) sekti mandra-guna, ora teḍas tapak-paluning pandé miwah sisaning gurénda. Bisa mrodjol ing akerep, bisa mandjing adjur-adjèr, mantjala putra mantjala putri.
- Sumurupa! Ja iki agul-agulé pradja (isiné djenengé nagara); tau-taté kramas obat, susur mimis.
- Hèh! Ora susah kowé ngungasaké kuwanèn ana ing nagara kéné! Ing kéné enggoné wong sugih kuwanèn. Tjobanen iki! Ja aku suh-djedjeting pradja, sapukawat ing nagara kéné.
Danawa karo satrija.
1. Jèn kena dak-éman, balia!
2. Ora ana gawar, ora ana awer-awer, pagéné kowé ngalang-alangi lakuku?
1. Bener kandhamu, satrija! Nanging sumurupa, endas buta pating djanggelek !
2. Endhas buta daksampar daksanḍung, mangsa wurunga mawut-sirna!
1. Wé hla! Babo, babo! Ora kena ginawé betjik! Wani kowé karo aku?!
2. Jèn wedia, apa sing dakwedèni?!
1. Kalah gedé tinimbang aku!
2. Ora ana satrija nempiling buta ndadak nganggo antjik-antjik.
1. Kalah sekti, kalah djapa-mantra !
2. Ora watak satrija maguru marang buta, kepara ngujangaké !
Ukara sesumbar kerep kamot ing kasusastran kang sinawung ing tembang.
Tuladhané:
I. Putjung. (Abimanjukèrem, M. Soekir).
- Sugal muwus, èh si Tirtajuda asu, teka nguman-uman, praduli apa sirèki, memalangi mring wong njudakké tambangan.
- Adol gendung, bandjur nantang ngadjak gelut, apa Ranukarja, kokira kalamun wedi, wus sedhengé wong lanang padha lèk sanga.