Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/69

Kaca iki wis divalidasi
70
II. Pangkur (Parta-krama, R. Neg. Sindusastra).
  1. Dèniparsa mangsulana, Wrekudara kroda sru turiréki, éh pambarep kadangingsun, adja mangsuli sira, ingsun ingkang mangsuli prakara iku, durung tutug wong Astina, nggoné ngadjak nora betjik.
  2. Tekan si Bulé Mandura, wiwit milu-milu atining iblis, Djalitengé teka katut, jèn pareng karsanira, Sl Djanaka ingsun arak sésuk-ésuk, sarta sun pajungi gada, sun iring kaprabon djurit.
  3. Pangantèné wadon kana, si Bulé kang amajungana bindi, kurang Kurawa kang wuwuh, kang ndjadjari gegaman, mring pangantén sun tundjange gandjuringsun, singa tiwas ing ajuda, kang raka datan nauri.


III. PANGKUR (sesumbaré Ménakdjingga).

 Lah papak mangsa padaa, Damarwulan tangia sun antèni, iki Hurubisma Prabu, wong sekti mandra-guna, kalok ing rat pilih tanding jèn prang-pupuh, suramrata djajamrata, krubuten ingsun ing djurit.
 Prelu disumurupi araning djedjeran ing kuwajangan lan araning paprangan ing sidji-sidjiné djedjeran.
 Tjarita wajang saben salakon ana pitung djedjeran, jaiku:

 I. Djedjer kawitan, manawa ana perangé diarani perang rempak.

 II. Djedjer sabrangan, mesti ana perangé, diarani perang simpangan (perang kadung).

 III. Djedjer bondèt, perangé diarani perang gagal.

 IV. Djedjer penḍita (gara-gara), perangé diarani perang kembang, tegesé: perang sing dadi kekembangé (peputjuké, bebukané) perang ing tjandaké.

 V. Djedjer uluk-uluk, perangé diarani perang tjilik, tegesé: sing madju perang lagi para punggawa tjilik, pradjurit krotjo.

 VI. Djedjer sumirat, perangé diarani perang tanggung, tegesé: sing madju perang lagi para punggawa (wadya-bala) ratuning ala (jakséndra) durung ngetoni djurit.

 VII. Djedjer rina-rina, perangé didrani perang brubuh, tegesé perang kang ndjalari akéh banget pepati. Nganti tekan ratuning ala (jakséndra), manawa ora mbabar warna kang sadjati utawa ora nungkul, ija tumeka ing pati.

6. Sadurungé tjampuh perang, wadva-bala pada patjak-baris, Wondéné araning gelaré baris, jaiku :