Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/7

Kaca iki wis divalidasi
8

Tulada: Sinom.

Édané wong kenèng guna, ambatik sinambi nangis, malam wutah balabaran, geni mati muring-muring, prembéjan mrebes mili, gawangan sinendhal putung, ja talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi potjapan. Petis manis = kétjap.

9. Wangsalan ing lelagon gending. Tjakepan ing umpak-umpaking gending, gérong lan senggakan, kerep nganggo wangsalan (dilagokaké déning pesindèn, nijaga utawa botjah-botjah sing pada manembrama).

Tulada:

PANGKUR-LAMBA (SLÉNDRO PATET 9).

Purwaka (Buka, bawa):

i i i i 6 5 i 6 5 2 1 6
Kembang a-das su-me-bar nèng tengah a-las.
i i i i 6 6 6 5 5 6 6 1
Tu-was ti-was nglabuhi wong o-ra wa-ras
5 i 5 2 2 1 1 6 2 2 2 3 5 6 5 5
Al-lah ba-pak, balung djagung saguh-ku i-sih djanggelan

Wiwit gérong sing baku:

2 1 2 6 2 1 6 5
La-gu gendhing Pangkur-Lamba
6 5 6 1 3 2 1 6

ma-wèh gambi-ra war-da-ja

2 3 2 1 6 5 6 1
tur ma-tuk ki-nar-ja a-ba
3 2 1 6 2 1 6 5
mla-ku bareng u-lah ra-ga.(Pm).

Balung djagung = maksudé: djanggel.

Djanggelan = durung tetep, isih kudu djandji manèh, séndé, bisa uga wurung