I. Ngepung wakul mbaja mangap. Panatané wadya-bala awangun bunder ngubengi mungsuh, sapérangan ana sing ngrangsang (Indonésia: menjerang). Sing ngrangsang iku tataning baris awangun kaja angaping baja. (*)
II. Gelar tjakra. Patjak-baris awangun bunder-amba, dadi ing papan kang bawéra.
III. Garuda nglajang. Wanguné baris kaénta kaja manuk garuda kang lagi nglajang. Ana wadya-bala kang minangka tjutjuk, ana kang pineta swiwi kiwa-tengen, lan ana kang minangka buntut. Uga ana ing papan kang bawéra.
IV. Samodra rob. Panataning baris pineta ombaking samodra. Ana kang minangka pulo, ana kang minangka prauné, Wadya-balané akéh, pada ngrangsang bebarengan, dadi ija ana ing papan sing djembar.
V. Bradjasutiksna utawa bradjasutiksnalungid (tegesé: gegaman landep, panah landep). Panatané baris ing papan rupak (ora kobèt ngiwa-nengené), bisané mung ulah madju-mundur baé.(kaja lakuning panah).
VI. Hardatjandra (ateges: rembulan gedé). Panatané baris awangun bunder, kaja gelar tjakra.
VI. Supit-urang. Panatané pradjurit pineta angganing urang; ana kang minangka supit kiwa-tengen, ana kang minangka awak lan buntuté.
7. Araning gegaman (keris) kang misuwur lan asmané Empu nggawe:
- Keris Tjondongtjampur (pusaka Madjapait) gawéané Supagati.
- Keris Nagasasra (pusaka Madjapait) gawéané Supa-nom.
- Sangkelat (pusaka kraton wiwit kraton Demak) gawéané Djaka Supa (putrané Supadrija).
- Tjarubuk (wangkingan agemé Sunan Kalidjaga) gawéané Djaka Supa. (Djaka Supa iku dadi ipéné S. Kalidjaga).
- Djigdja, gawéané Empu Djigdja (putrané Supagati).
- Singkir, gawéané Empu Singkir (empu saka Madura).
- Tilam-upih, gawéané Djaka Supa nalika asma Empu Pitrang (ana ing Blambangan).
8. Wasana prelu dikawruhi arané gegaman kang kasebut ing kuwajangan, kajata:
1. Kalimasada ___ Puntadéwa | 4. Keris Pulanggeni ___ Djanaka |
2. Gada Rudjakpolo ___ Wrekudara. | 5. Panah Pasupati ___ Djanaka |
3. Keris Kalanadah ___ Djanaka. | 5. Panah Pasupati ___ Djanaka |
—
(*)Mungsuhé ditembungaké ,,Kinepung wakul binaja_mangap”.