Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/72

Kaca iki wis divalidasi
73
  1. Kumurep ing abahan. Tegesé lugu: kumureb ing gandjel pangetokan gulu. Maksudé: manawa nedya ditigas guluné, manut-miturut.
  2. Manglung djangga. Tegesé lugu: ngulungaké gulu. Maksudé pada karo kumureb ing abahan.
  3. Kadjondjang sumangga asta, katuwek sumangga djadja, katigas sumangga djangga. Maksudé: sanadyan nedya dikapakaké baé, manut-miturut.

 Kadjondjang = diketok (tangan lan sikilé).

 Katuwek = ditjubles nganggo gegaman lantjip alandhep (dadané).

 Katigas = diketok majat (guluné).

3. Kasusastran sinawung ing tembang kang isiné ngemu surasa asrah djiwa-raga, kajata:

I. Pangkur. (Pisambaté Ménakdjingga).

Damarwulan jèn sembada,
ing tyasira ingsun aminta urip,
teluk baé raganingsun,
ja lé ja nang mring sira,
ingsun manut-miturut marang sirèku.
apa sabarang rèhira,
sajekti ingsun lakoni.
(Lumrahé mawa lagu Pangkur Duda-kasmaran).

II. Maskumambang.

Putri Tjina gulangsaran kawlas-asih,
mara Kélaswara,
pedangen djuren wak mami,
ajwa andedawa wirang.


BAB XI. PRALAMBANG.
  1. Bangsa Djawa misuwur sugih lambang (pralambang), pralampita, pasemon utawa prasemon, nganti ana tetembungan ,,Wong Djawa enggoné semu". Mungguh tjarané wong Djawa nggawé pralambang iku sarana barang, sarana gambar, sarana warna utawa sarana basa.
  2. Pralambang awudjud barang, kajata:
A. Lambangé dhukun.

  Dhukun kang sepi ing pamrih, kang ora ngalap opah utawa tindih, sing akèh-akèh peng-pengan. Tuladhané: 1 Swargi Dr.