Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/73

Kaca iki wis divalidasi
74
Sasrakartana ing Bandung. 2 Swargi Kjai Bedor ing bawah Sala.

 Dhukun sing peng-pengan iku manawa ngandani marang wong sing minta-sraja tamba (saduluré wong sing lara), tarkadang mung nganggo pralambang wudjud barang baé. Tuladhané:

  1. Adas pala-waras. Wong sing lara bakal waras.
  2. Pupus geḍhang. Wong sing lara bakal mati, saduluré supaja mupus pepesthèning takdir.
  3. Lintingan tembako (rokok). Wong sing lara bakal dibungkus kaja wudjudé lintingan tembako, marga wis madal tamba.
  4. Djarit latar putih. Wong sing lara bakal mati (dibungkus mori, warnané putih).


B. Lambangé Adjar Subrata.

 Adjar Subrata iku bésané Prabu Djajabaja Ratu ing Kediri, lan uga nunggal guru karo Sang Prabu. Manut buku Pranitiwakya, Adjar Subrata lan Prabu Djajabaja pada déné maguru marang Maulana Ali Samsju Zain, wong alim kang pinangkané saka Rum-Turki (dudu Rum-Itali).

 Nalika Sri Djajabaja wis rampung panganggité djangka, nguntapaké konduré Maulana Ali Samsju Zain kanti didèrèkaké putrané Sang Prabu asma Djajaamidjaja. Konduré Sang Prabu (lan Sang Pangéran) pinarak ing padépokané Adjar Subrata, disugata barang warna pitu, jaiku: kunir, djadah, geti, kadjar, bawang-putih, kembang mlati lan kembang sruni.

 Pasugatan barang warna pitu kasebut ing dhuwur, déning Sri Djajabaja ginalih mengku pralambang kang bisa ndjalari retuning pradja, marga pantjèné durung wajahé kena diwedharaké, kudu isih winadi. Marga saka iku Adjar Subrata saputrané bandjur disédani déning Sri Djajabaja.

 Mungguh sesuguh warna pitu iku sidji-sidjiné mengku pralambang mangkéné: (*)

1. Kunir, Rakjat (sadjoning pradja) ditarik mas (minangka padjeg), djamané aran Anderpati, rusaké pradja marga ratuné wawanan karo kadang dhéwé.

2. Djadah. Rakjat ditarik slaka, djamané aran Radjapati Déwanata, rusaké pradja marga ratuné wawanan karo putrané dhéwé.


(*) Tandingen karo lambang djaman katja 78-80.