Kaca iki wis divalidasi
75
- Geti, Rakjat ditarik bau-suku, djamané aran Adijati, rusaké pradja marga ratuné wawanan karo kang nggaduh pangadilan.
- Kadjar (bangsané lumbu). Rakjat ditarik wulu-wetuning bumi, djamané aran Kaladjangega, rusaké marga-ratuné wawanan karo putra-angkat.
- Bawang-putih. Rakjat ditarik réjal-salaka, djamané aran Kalasakti, rusaké marga ratuné wawanan karo radja-putra mungsuh sakutu.
- Kembang mlati. Rakjat ditarik ḍuwit, djamané aran Kaladjaja, rusaké marga ratuné wawanan karo bangsa mantja (bangsa sabrang).
- Kembang sruni. Rakjat ditarik warna-warna (emas, slaka, wulu-wetuning bumi lsp), djamané aran Hartati, rusaké pradja marga wawanan karo maru.
II. Pralambang awudjud gambar:
A. Pralambangé napsu.
.
- Gambar (wajang) Dasamuka, pralambangé amarah, jaiku napsu marang kamurkan.
- Kumbakarna, pralambangé aluamah, jaiku napsu marang mangan-turu.
- Sarpakanaka, pralambangé supijah, jaiku napsu marang asmara.
- Wibisana, pralambangé mutmainah, jaiku napsu marang panggawé betjik, tindak adil.
B. Pralambangé pakarti.
- Gambar (wajang) buta (sing mesti awudjud buta pratjoré, danawa rutjah) tangané tengen digénḍong (tumèmplèking geger). Dadi tangané tengen ora makarti, ora dianggo lambéjan; jèn mlaku mung alambéjan tangan kiwa. Iku pralambangé wong kang seneng laku ngiwa, lire: seneng nindakaké panggawé ala.
- Penḍita, tangané kiwa digénḍong. Manawa lumaksana, sing dianggo lambéjan mesti baé ja mung tangan tengen; mangkono uga sing dianggo makarti. Iku pralambangé wong sutji, seneng nindakaké pakarti betjik, panggawé luhur. Emoh laku ngiwa (ora tau tumindak ala). (*)
______
(*) Semar uga nggénḍong tangan kiwa.