Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/75

Kaca iki wis divalidasi

76


C. Pralambang ngélmu gaib (kasampurnaning pati).

  Gambar Semar ing ngisor iki kadadéan saka ukara kang tinulis ing sastra Djawa, Mara waspadakna, nuli watjanen!



Pamatjané mangkéné:


Baja sira arsa mardi kamardikan,
ajwa samar sumingkiring dur-kamurkan.[1]


Mardika, tegesé: ora keréh. Nanging ingatasé ngélmu gaib, maksudé: ora keréh ing kadonjan. Dadi, ateges: mardikaning djiwa (suksma, njawa). Manawa djiwa utawa suksma (njawa) wis mardika, mesti ora mangéran marang kadonjan, satemah ora kalépétan dosa, Wong sing ora kalépétan dosa, matiné bisa mati sampurna.
  Dadi maksudé pralambang iku mangkéné:
  1. Sumingkiring, ana sing matja ,,mring sukering”.