Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/76

Kaca iki wis divalidasi
77

Manawa kowé nedya ngudi murih resiking djiwamu (ora kebanda ing kadonjan), adja samar marang bisané sirna durkamurkanmu. (Manawa pamardimu kanti temen-temen, durkamurkanmu mesti bisa sirna).

D. Pralambangé nagara Republik Indonésia.

Pralambangé R.I. iku awudjud gambar garuda, mawa tiitra ,,Bhineka Tunggal Ika”. Garuda iku adegé mbegagah lagi mbabar swiwi, sirahé méngo manengen. Ing dadané ana taméngé mawa godagan lima. Godagan lima iku isi gambar endas banténg, wit wringin, pari, kapas lan lintang Nur-kuning (ing tengah bener). Wondéné maksudé sidji-sidjiné kasebut ana ing tjakepané tembang Sino m ing ngisor iki. (*)

1. Kaga Garuda mbegagah, pralambangé nagri R.L, mustaka noléh mring kanan, angantjas pakarti betjik, akalung ranté rukmi, tali taméng wangun djantung, gumandul anéng dada, pita putih mawa tulis, tjinangkerem kentjeng ing tjetjakar mengkang.

2, Tulis kang tinrap ing pita, tuduh wasita wigati, pan ,,Bhinnéka Tunggal Ika”. warna-warna nging manunggil, lar pendjawat ing swiwi, pitulas jekti wéh tutur, tanggaling kamardikan, lar-buntut wolu winilis, wigatiné Agustus wektu gumrégah.

3. Taméng agodagan lima, Pantjasila mralambangi, rinarengga, gegambaran, endas banténg ranté pari; kapas lintang Nur-kuning, miwah wit wringin ngrembujung, kabéh mawéh Pralambang, Pantjasila kang linuwih, tetalesé mranata pa-préntahan.

4. Prasemoné Ketuhanan, lintang Nur-tjahja njunari, ginambar ing dasar kresna, Karakjatan dasar langking, gambar banténg sinungging, warna ireng miwah pingul, Kabangsan adedasar, putih mawa wit waringin, ron grembujung dadya pangajoman rakjat.

5. Prasemon Prikamanungsan, mawa lambar dasar abrit, agambar ranté kantjana, mawa kluweng warni kalih, bunder Miwali pesagi, ranté pralampita tuhu, mring akeh sukubangsa, para warga nagri R.I, tita njata santosa dénnja memitran.

6. Dasar Kaadilan Sosjal, warna mulus memplak putih, apepaés pari-kapas, pranjata anjasmitani, gegajuhan kang inggil, mbangun pradja mamrih subur, makmur. kasuwur mantja gemah-ripah loh-djinawi, temah tata-tentrem kalis ing duskarta.

7. Blegeré gaga Garuda, kagambar ambabar swiwi, tjutjuk Mantjas tjakar mengkang, buntut kabéh mralambangi, tenaga

_______

(*) “Garuda méngo manengen, pralambangé ngantjas panggawé luhur.