Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/77

Kaca iki wis divalidasi
78

kang njanggupi, mbangun pradja mrih linuhung, tameng agaris malang, mralambangi kendit-bumi, tanah tropen dununge Indonesia. (Pm)

III. PRALAMBANG MAWA WARNA

1. Abang pralambangé wani.

2. Putih pralambangé sutji.

3. Kuning pralambangé kaluhuran.

Tumrap bangsa kulonan: 1 Abang — wani. 2 Putih — sutji. 3 Kuning - geting. 4 Idjo - ngarep-arep. 5 Biru — setya-tuhu.

Tumrap kawruh kabatinan. (ngélmu gaib).

1. Abang — amarah (kamurkan).

2. Idjo (biru) — aluamah (mangan-turu).

3. Kuning — supijah (asmara).

4. Putih — mutmainah (sutji).

Tjundukna karo pralambang awudjud gambar, ing pérangan A.


IV. PRALAMBANG MAWA BASA (TEMBUNG)

Pralambang sing diwedaraké sarana basa (tembung) akeh banget. Tuladané :

A. Lambang utamaning watak Jan tindak.

Pangkur

Poma jwa nganti kawuntat, para prija mamrih utameng urip, ngulatana nganti antuk, lima praboting gesang, jeku wisma tjuriga tan kena kantun, kukila miwah wanita, ganepe lima turanggi.

Katrangan:

Prija iku kudu ndarbéni wisma, tjuriga, kukila, wanita lan turangga. Maksudé:

1. Wisma (omah) iku sing dikarepaké bab momoté. Prija iku kudu asipat momot, liré: sugih pangapura, Tembungé sing luwih apik: sabar-maklum-momot-mengku.

2. Tjuriga (keris) iku sing dikarepaké bab landepe. Prija iku landep ing budi.

3. Kukila (manuk), sing dikarepaké betjiking swarané (anggungé), keprungu ngresepaké. Prija iku guneme kudu alus angresepake.

4. Wanita (wong wadon), sing dikarepaké sing solah-bawané”. Prija, tindak-tanduké kudu sarwa alus, sareh angarah-arah, ora grusa-grusu.

5. Turangga (djaran), sing dikarepaké bab ,,takad lan bandele”. Prija iku kudu takad lan bandel atine