Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/78

Kaca iki wis divalidasi
79
B. Lambang djaman.

Lambang djaman iku jasané Pudjangga, awudjud unen-unen kang ngemu surasa pepindan, mralambangi kaanane djaman. Lambang djaman kang kerep keprungu ana warna pitu,jaiku:

1. Anderpati Kalawisésa, djaman Pedjadjaran

Anderpati = ora wedi mati

Kalawisesa = Btr Guru, Hjang Siwah.

Ing djaman Pedjadjaran, wong-wong (rakjat) pada ngrasuk agama Siwah. Olehé pada ngrungkebi agamané kanti temen-temen, wani nglabuhi agama Siwah nganti tumeka ing pati.

2. Radjapati Deéwanata, djaman Madjapait

Radjapati = tembung. Sarodja ateges: ratuning ratu, ratu binatara. Dudu tembung ,,Tadja-pati” kang ateges : pepati kang amarga saka kerengan, tiba Isp. dudu.

Dewanata, uga ateges nata binatara (Indonesia : radja jang di-dewa-kan).

Ing djaman Madjapait, sing djumeneng ratu prasasat déwa tumurun (kuwasa banget), djadjahané nganti tekan ing sadjabane Nuswantara.

3. Adijati Kalawisaja, djaman Demak.

Adijati = sujati — pendita linuwih. Sing dipepindakake kaja mangkono jaiku para wali.

Kalawisaja = Btr Guru, ratuning Déwa, Iku pepindané Ratu Demak (Patah)

Ing djaman Demak kang djumeneng Ratu asipat Wali, djumenengé Ratu uga kanti bebantuné para Wali.

4. Kaladjangga, djaman Padjang.

Kaladjangga = Btr Asmara.

Ing djaman Padjang kang djumeneng Ratu (Djaka Tingkir) Seneng-ulah asmara.: (Mestiné para najaka lan narapradja sarta. Takjat ija ana sing tiru).

5. Kalasakti, djaman Mataram:

Kalasakti = Btr Wisnu, déwa kang awatak pradjurit, seneng memaju ajuning djagad.

Ing djaman Mataram, Ratu sakawulané pada seneng ulah kapradjuritan.

6. Kaladjaja, djaman Wanakarta. Ana ing ngendi dunungé kraton Wanakarta, lan sapa sing djumeneng Ratu (asmané), isih dadi kekerané Déwa.

7. Kalabendu, Ora katjrita pralambangé djaman nagara ngendi lan sapa djedjuluké kang djumeneng Ratu. Manut gotéké wong akéh, ing djaman Kalabendu, wong-wong akeh Sing pada mangéran marang kadonjan. Pada awatak :