Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/79

Kaca iki wis divalidasi
80


Wani mirang wedi mati, ramé ing pamrih sepi ing gawé. Akèh durdjana-djuti, langka wong kang kena pinratjaja; ratjaké pada kegedén mélik, pada kasinungan. aklak rusak. Sing gemblung djinurung, sing murka katon mulja. Sing djusjur kodjur, sine nrima katoné tjilaka. Tjotjog karo tegesé tembung ,,Kala. pendu”. Kala= djaman, wektu, mangsa. Bendu = duka. Kalabendu = djamané (mangsané) wong-wong pada nampa bebenduning .Pangéran, marga akéh kang pada atindak sasar.
  Wekasané djaman aklak bedjad (Kalabendu) iku manawa Sang Nata Ginaib jaiku Prabu Amisan wis djumeneng Ratu. Djaman bandjur dadi karta-rahardja; kang awatak tjulika nemu tjilaka, kang murka antuk siksa, kang djudjur luhur, sing sutji dipundi-pundi.
 Lambang djaman iku tandingen karo lambange Adjar Subrata,.

B. Lambang pradja.


 Lambang pradja iku uga jasané pudjangga, sing dipralambangi ratuné, Nanging saréhné ing djaman bijén iku nagara lan: rakjat kabéh pada ana ing panguwasané ratu, pralambangé ratu uga dadi pralambangé nagara lan rakjat.
 Lambang pradja tjatjahé ana wolulas, jaiku:

  1. Tjatur-rana semuné sagara asat. Lambangé pradja papat: (Djenggala, Kediri, Urawan, Singasari) kang tansah pada paprangan, nganti banda-nagara dadi asat (enték). Tjatur'=papat. Rana = perang. Sagara = pepindaning kahartakaning nagara, Asat = enték.
  2. Ganda kéntir, semuné liman pepéka. Lambangé Sri Pamekas ing Pedjadjaran; marga Sang Prabu kurang wewéka, kena: disédani déning putrané déwé jaiku Sijungwanara (sarana dilabuh ing kali). Ganda = pralambangé ratu. Kéntir= kéndang. Liman' = pralambangé ratu. Pepéka = sepi ing pangati-ati. ora wewéka.
  3. Matjan galak semuné tjuriga ketul. Lambangé nagara Madjapait. Sang Prabu Brawidjaja Nata Binatara; éman déné para-putra-sentana lan kawulané pada ketul pangrasané marang kasusastran. Matjan galak= ratu kuwasa. Tjuriga=para putra-sentana lan kawula (rakjat).
  4. Lunga perang putung watangé. Pralambangé para ratu Demak. Sultan Demak nenelukaké para bupati kang isih agama Buda kanti dibijantu para wali, akeh wali (lan sakabaté) kang tumeka ing séda. Lunga perang = nenelukaké. Putung = mati. Watang = para wali (lan salabté).
  5. Alelungan datan kongsi bebasahan, keselak kampuhé bedah. Pralambangé Sultan Padjang (Djaka Tingkir, Hadiwidjaia,