Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/8

Kaca iki wis divalidasi
9

10. Bédané wangsalan karo parikan.

Wangsalan iku mawa batangan, parikan tanpa batangan.

Tulada:

a). Tjengkir wungu, wungune ketiban ndaru.

Wis pestimu, kowé pisah, karo aku.

Parikan, sabab tanpa batangan.

b). Tjengkir wungu, wunguné ketiban ndaru.

Wis pestimu, kowe uwal karo aku.

Wangsalan, sabab mawa batangan. Tjengkir wungu, maksude "siwalan".

11. Tjarané ngarang wangsalan.

Sing dikarang luwih disik, pérangan buri (ukara+sing isi batangané), bandjur ngarang pérangan ngarep (ukara sing isiwangsalané). Dadi pangarangé pérangan ngarep (ukara kang isi wangsalan) tiba kari.

Tulada:

Para siswa, pinarengna manembrama.

Ukara ing duwur iku gatrané sing ngarep (jaiku "para siswa”) didjupuk. sawanda sing kena (bisa) dianggo wangsalan. Upamané wanda "wa", dianggo wangsalan sing batangané "Jawa", sarana unén-unén, "kalong alit".

Gatrané sing buri jaiku sing uniné "pinarengna manembrama" uga didjupuk sawanda, dipilih sing kena (bisa) dianggo wangsalan. Upamané wanda "reng", dianggo wangsalan sing batangané "areng", sarana unén-unén "wreksa sisaning dahana".

Dadiné wangsalan kang sampurna bandjur muni:
Kalong alit, wreksa sisaning dahana,
Para siswa, pinarengna manembrama.

Kena uga sidji-sidjiné gatraning ukara ing duwur iku di- djupuk (dipilih) wandané lija, kajata: .

Gatra sing ngarep (sing uniné "para siswa") didjupuk wandané "sis", dianggo wangsalan kang batangané "Nabi Sis",sarana unén-unén "Adam putra".

Gatra sing buri (sing uniné ,,pinarengna manembrama”) didjupuk wandané ,nem”, dianggo wangsalan sing batangané "Menem", sarana unén-unen ,,wilangan tjatur lan kalih”.

Dadiné wangsalan kang sampurna bandjur muni:
Adam putra, wilangan tjatur lan kalih.
Para siswa, pinarengna manembrama.

Wanda sing dipilih (saka sidji-sidjining gatra) kang bandjur dianggo wangsalan iku kudu wandaning tembungé lingga, ora kena wandaning ater-ater utawa wandaning panambang.