Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/80

Kaca iki wis divalidasi
81

Mas Karèbèt, Banjak widé), olèhé djumeneng ratu durung nganti mukti-wibawa, keselak séda.
Alelungan= pepindané djumeneng ratu. Datan kongsi bebasahan = durung nganti mukti-wibawa. Keselak kampuhé bedah = keselak séda.

  1. Surakalpa semuné lintang sinipat. Pralambangé Panembahan Sénapati ing Mataram, olèhé nenelukaké para adipati kang setya marang Sultan Padjang mung abanda kekendelan, tanpa wadya-bala akèh. Durung nganti rampung olèhé nenelukaké, Panembahan Sénapati tumeka ing séda. Sura= wani. Kalpa - djaman. Surakalpa= djaman (wektu) nalika Panembahan Sénapati (sakawulané kang setya) tuwuh kasudirané. Lintang sinipat = tegesé:lintang karainan, maksudé: Panembahan Sénapati tumeka ing séda.
  2. Kembang sémpol semuné lebé keketu. Pralambangé Sultan Sédakrapjak lan Sultan Agung, pada tumemen ulah kasantrèn, mungkul ing agama Islam. Kembang sémpol=kembang traté, tundjung, pralambangé ratu. Lebé keketu = pralambangé wong kang mungkul ing agama Islam.
  3. Kalpa sru semuné kanaka putung. Pralambangé Sinuwun Mangkurat Tegalarum, panggalihé sereng (wengis, wentalan), akèh andel-andelé pradja kapatrapan ukum-pati déning Sang Sinuwun. Kalpa = djaman. Sru = banget, sereng. Kalpa sru = djaman sereng. Kanaka = kuku, pralambangé andel-andeling pradja. Putung = tugel, maksudé: mati.
  4. Lajon kèli semuné satrija brangta. Pralambangé ingkang putra Mangkurat Tegalarum, djumenengé ratu lagi ana ing sadjroné nandang sungkawa, djalaran lagi ndèrèkaké lolosé ingkang rama. Lajon kèli = djisim kéndang, maksudé djisimé Mangkurat Tegalarum (sédané ora ana ing sadjroné kraton). Satrija brangta = satrija sungkawa, pralambangé ingkang putra Mangkurat Tegalarum.
  5. Gunung kendeng semuné kenja musoni. Pralambangé S. Pakubuwana I, djumenengé ratu wis sepuh, isih sok manggalih prakara sing rèmèh (sapélé). Gunung kendeng gunung dawa, pralambang dawané umur, wis tuwa. Kenja musoni = pepindané wong nindakaké pagawéan rèmèh, prakara sapélé.
  6. Lung gadung semuné rara nglikasi. Pralambangé S. Mangkurat (putrané S. Pakubuwana I), rusuh tindaké marang wanita (tukmís). Lung gadung pradapaning gadung, pupus gadung, pralambangé S. Mangkurat kang sarwa sembada, sarwa prigel..