Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/81

Kaca iki wis divalidasi
82

Rara nglikasi = pralambangé Kangdjeng Sunan rusuh tindaké marang wanita (țukmis).

  1. Gadjah meta semuné tengu......... (Pangimpun ora wentala nulis isiné titik-titik iku). Pralambangé S. Pakubuwana II, banget kinéringan para ratu mantja-pradja, nanging bareng ketekan parangmuka énggal-énggal mundut bebantu marang Pranagari (Madura), sarana nggarwa putrané putri Sang Adipati Pranagari. Gadjah meta = gadjah ngamuk, pepindané S. Pakubuwana II banget kinéringan déning para ratu mantja nagara. Tengu........= pepindaning tjiliké panggalihé Kangdjeng Sunan.
  2. Pandji loro semuné Padjang-Mataram. Pralambang anané ratu loro, jaiku S. Pakubuwana III lan Sultan Hamengkubuwana I (K. Pangéran Mangkubumi).
  3. Rara ngangsu, randa loro anututi pidjer atukar. Pralambangé ana satrija lolos saka kraton, ditututi ratu loro, nanging sing pada nututi pidjer tetukaran. Iku djamané K.P. Mangkubumi lan R.M. Said madeg suraning panggalih, kang wasanané K.P. Mangkubumi djumeneng Sultan Hamengkubuwana I ing Mataram, lan R.M. Said djumeneng K. Gusti Mangkunagara I ing Sukawati.
  4. Tan kober apepaès amangun sindjang. Pralambangé S. Pakubuwana IV lan V, ora kober mranata pradja, saking akèhé rubéda kang ngreribedi. Tan kober apepaès= ora kober ngrerengga, maksudé: ora kober mranata pradja.Amangun sindjang= mranata nagara.
  5. Kalabendu semuné Semarang lan Tembajat. Pralambangé K.P. Dipanagara nalika madeg suraning panggalih, perang mungsuh kompeni. Kalabendu = wektu bramantya, jaiku bramantyané K.P. Dipanagara. Semarang = pralambangé wadya kompeni. Tembajat pralambangé wadya-balané K.P. Dipanagara.
  6. Tundjung putih semuné pudak sinumpet. Pralambangé satrija sutji djumeneng Ratu Adil akaḍaton ing Ketangga; sadurungé djumeneng ratu, satrija iku ora ngétokaké kasatrijané, kasebut ,,Satrija kesampar-kesandung". Tundjung putih= kembang traté awarna putih, pralambangé satrija sutji, adil. Pudak= kembang pandan warnané ija putih, pralambangé satrija luhur ing budi. Sinumpet= diwalik, pralambangé satrija kang ora katon satrija, satrija kang ora ngatonaké kasatrijané, satrija kang sadurungé djumeneng ratu kotjap ,,satrija kesampar-kesandung”.