Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/82

Kaca iki wis divalidasi
83
  1. Gandrung-gandrung ing lelurung andulu gelung kekenḍon; keris-parung tanpa karja, edolen tukokna uleng-uleng tjampur-bawur. Pralambangé tanah Djawa (Nuswantara) sawisé tekan djaman gemah-ripah, karta-rahardja, tulus kang

sarwa tinandur, murah kang sarwa tinuku.
 Keris-parung = keris ḍapur naga-lumaksana (mawa luk), kosok-baliné keris ḍapur naga-tapa (lentjeng, tanpa luk).
Tanpa karja = tanpa guna, marga wis tata-tentrem, ora prelu saḍija (njimpen) gegaman keris Isp.
Edolen tukokna uleng-uleng tjampur-bawur keris-parung (gegaman), sarèhné wis tata-tentrem (ora ana rerusuh), prajogané edolen baé, ḍuwit pepajoné tukokna kembang sing wangi-wangi gandané, kanggo seneng-seneng.

C. Pralambanging genḍing.

 Gending sing kanggo ing padalangan (kuwajangan) iku warna-warna banget. Manawa dalang (sadjroné majang) mbutuhaké gending apa baé, mung kari préntah (ngabani) marang para nijaga. Préntahé dalang marang nijaga iku ora mung dilairaké nganggo ukara sawantahé baé, nanging sinamun ing pralambang utawa sasmita.
 Ukara-ukara sasmita sing lumrah dianggo pralambanging gending, kajata :

  1. Tindakira Sang Pinangantèn sarimbit tansah akekantèn asta, tan kena benggang sanjarigending Monggang.
  2. Gugup sagung para bijada, pijak ngarsa tangkep wuri gending ajak-ajakan.
  3. Ing samarga-marga, kesandung-sandung tindakira Sang Dèwi - gending Sandung.
  4. Umjang-gumuruh swarané, pinda mrijem bebéndrongan gending Béndrong (Kiprah).
  5. Kawistara ing semu, kadi mangu-mangu tindakira Sang Sinatrija gending ladrang Mangu.
  6. Sanalika sirna rudahing panggalih, pinda pandam kéntir gending in warih = gending Damar Kèli. Pandam = pepadang, dijan, damar. Kéntir = Kéndang, kèli.
  7. Tindakira Dèwi Pregiwa-Pregiwati sanityasa arerangkulan, pinda gadung apepuletan gending Sekargadung.
  8. Tindakira Sang Sinatrija nusup gegrumbulan nasak bebondotan, karèndèt-rèndèt ing ri sarirané = gending Bondèt.
  9. Kang séba ing paglaran djaba, kawistara 'tan djangkep Winilis = gending Semukirang. Tan djangkep = ora ganep, winilis kurang.
  10. Suwarnané Sang Dèwi Wara Srikandi lan Rarasati, jèn sinawang katon pada rupané = gending Gambirsawit. Pada rupané (tumrap sandangan) sasawit, sawitan.