Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/87

Kaca iki wis divalidasi

88

  1. Let sapuluh taun manéh gja djumedul, wajang wahana tan mawi, praba lakonè tan tamtu, nanging tanadangu nuli, sirna dén emohi uwong.
  2. Djaman kamardikan tuwuh wajang suluh, taun sangalas atus lwih, patang puluh nenem durung, sumebar ing semu sami, wong-uwong akéh sing emoh.


E. Pralambang lija-lijané.


 1. Kangdjeng Sultan Agung nggarwa Njai Rara Kidul.

  Njai Rara Kidul iku djaréné sing ngratoni samodra-Kidul, ja samodra India kang djembaré prasasat tanpa tepl. Djembaré samodra-Kidul (samodra India) iku mralambangi djembaring panggalihé K. Sultan Agung; sugih pangapura, ora gampang duka.

  2. Sigra milir kang géték sinangga badjul, kawandasa kang ndjageéni, ing ngarsa miwah ing pungkur, ing kanan miwah ing kéring, sang géték lampahnja alon.

„badjul” kang kasebut ing tembang Megatruh iku dudu badjul kang saluguné, nanging „sbadjul-buntung”. Tembung „gétek” uga dudu. géték kang sawantahé.

  3. Pralambang ing wiwitané lajang Djangka Sabdapalon.
Sinom

  Rusake ing tanah Djawa, kambah déning wéwé putih, tebu. wulung gegamannja, wong Djawa abosah-basih, wong désa keh kang sedih, kéles déning dajanipun, halangsa mring Hjang Suksma, antuk apura Hjang Widi, tjahja djenar midjil saking ing bang wétan.

Wewé putih = bangsa akulit putih, Walanda.

Tebu wulung = bedil.

Tjahja djenar = bangsa akulit kuning, Djepang.

Midjil saking ing bang wétan = gendéra ) „matahari-terbit",


  4. Pralambang uran-uran „Semut-ireng”.


Dandanggula.

Semut-ireng anak-anak sapi
kebo-bongkang njabrang kali Bengawan (kakehan 1 wanda pm)
Kéjong gondang djarak sungutè (kakéhan 1 wanda Pm).
timun-wuku gotong wolu (kakèan 1 wanda Pm).
Surabaja gègér kepati
ana wong ngojak matjan,
dèn wadahi bumbung
alun-alun Kartasura