Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/88

Kaca iki wis divalidasi

89

gadjah meta tjinantjang wit sidaguri
patiné tjinèkèr ajam (kekéhan 1 wanda Pm).
Semut-ireng = Déwi Sapuḍi putri saka Wanḍan (garwa pangrembé Prabu Brawidjaja) pakulitané ireng-manis.
Anak-anak sapi = peputra Bonḍankadjawan, kasebut Lembupeteng. Ja Lembupeteng iku sing kapunḍut putra-mantu Ki Ageng Tarub, diḍaupaké karo Dèwi Nawangsih utawa Rara Kasihan. (*)

Kebo-bongkang = Kebokenanga lan Kebokanigara (putrané Prabu Brawidjaja) ora karsa mandjing agama Islam, wasanané paḍa tumeka ing séda. Kebokenanga disédani déning Sunan Kudus, Kebokanigara séda-muksa ana ing gunung Mrapi. Ja sédané prijagung loro iku sing dipralambangi „njabrang kali Bengawan”.
Kejong-gonḍang = Djaka Tingkir, turuné wong geḍé kang wis dadi asor. Djarak sunguté = bisa djumeneng ratu.
Timun-wuku gotong wolu = Panembahan Sénapati didjumenengaké ratu saka pambijantuné wong wolu, jaiku: 1 Ki Ageng Pamanahan, 2 Ki Djurumartani, 3 Ki Pendjawi, 4 Ki Djurukinṭing, 5 Ki Bujut Wirasaba, 6 Tumenggung Majang, 7 Pangéran Madé Pandan, 8 Adipati ing Batang.
Surabaja gègèr kepati = bedahé Surabaja, wong-wong paḍa bingung pating bilulung (gègèr).
Nalika samana sing djumeneng Adipati ing Surabaja asma Pangéran Ratu Agung; wondéné sing mbeḍah Surabaja asma Tumenggung Mangun-Oneng lan Tumenggung Sepandjang, utusané Sultan Agung ing Mataram.
Ana wong ngojak matjan dèn waḍahi bumbung = Tumenggung Urawan (utusané Sunan Mangkurat ing Kartasura) bisa mikut kraman kanṭi gampang. Sing madeg kraman jaiku Pangéran Puger.
Gadjah meta = wong aran Dirana madeg kraman, (Dirana iku anaké lelurahé srati aran Bujut Dirada).
Patiné tjinèkèr ajam = patiné Dirana marga dirampog sarana ditjotjogi nganggo dom.
Alun-alun Kartasura, gadjah meta ...... sabandjuré = bareng kraman Dirana kepikut bandjur ditjatjang ing wit wringin alun-alun Kartasura, nuli ditjotjogi dom nganti tumeka ing pati. Wondéné sing mikut Dirana asma Pangéran Pringgalaja (utusané Sinuwun Kartasura).

BAB XII. BASA BLENDERAN

Basa bléndéran iku basa sing diplèsèdaké marang teges lija, preluné supaja wong sing didjak wawan-gunem utawa sing


(*) Nawangsih putrané Kidangtelangkas patutan karo widadari dèwi Nawangwulan.