Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/89

Kaca iki wis divalidasi
90

ngrungu bisaa anjel atiné, ngguju. Tuladané:

  1. Kowé pada slamet? Tembung „pada slamet" kang satemené ateges ,,pada tanpa alangan", déning wong sing ditakoni diplèsèdaké tegesé ,,pada gedéné karo Slamet", lan wong sing ditakoni mangsuli: ,,Gedé aku tinimbang karo Slamet".
  2. Grija sampéjan pundi ? ,,Pundi" kang maksudé ,,ing pundi" (ndjaluk dikandani araning kampungé utawa kutané), diplèsèdaké kang ateges ,,ndjaluk dituduhi wudjuding omahé", mulané wong sing ditakoni bandjur mangsuli: ,,Grija kula boten kula bekta".
  3. Aku rak wong kétok. ,,Kétok" kang pantjèné kudu ditegesi éntar (misuwur, kadjèn-kéringan lsp.), diplèsèdaké sing ateges lugu, lan wong sing ngrungu ukara iku bandjur njambungi: ,,Ija, wong kowé pantjèn ora bisa ngilang".
  4. Anakku (sing saiki isih tjilik) bésuk mesti dadi wong gedé. ,,Wong gedé" kang maksudé ,,wong gedé pangkaté", diplèsèdaké sing ateges ,,gedé wudjuding awaké".
  5. Aku ora tau ngèlèki wong. ,,Ngèlèki" tegesé ,,nggawé èlèk", dadi saka tembung lingga ,,èlèk". Nanging jèn diplèsèdaké, linggané „kèlèk”.
  6. Punapa sampéjan sampun naté ngawoni tijang? ,,Ngawoni" karepé saka lingga ,,awon", jèn diplèsèdaké bandjur saka lingga ,,awu"..
  7. Kowé njekel péso, apa kowé arep mbelèk ? ,,Mbelèk" kang linggané ,,belèk", diplèsèdaké ing tembung mbelèk" kang maksudé ,,tembelèk" (reregedé pitik).
  8. Kowé nggawa bendo, apa arep merang? ,,Merang" linggané ,,perang", diplèsèdaké ,,merang" kang ateges : gagang pari. (*)
  9. Pak Suta ngèrèki manuk. „Ngèrèki" linggané ,,kèrèk", diplèsèdaké sing asalé saka lingga ,,èrèk".
  10. Bakalé Tjina-Tjina digantungi. ,,Bakalé" ateges ,,bahané" (barang-sembet), diplèsèdaké kang ateges tjaloné".
  11. Wong adol krambil dikepruki, wong adol témpé diwudani, wanita adol mbako diambungi. Sarèhné telu iku ukara bléndéran, kudu disurasa mangkéné: Sing dikepruki iku krambilé (dudu wongé), sing diwudani témpéné, sing diambungi mbakoné.
  12. Klambimu mesti ora bisa ngendog-uler. ,,Ngendog-uler" iku tembung tjamboran kang ateges ,,pating

(*) Arep, ditegesi: dojan.