12. Tjara ngarang wangsalan sing era bener.
Tulada tjara ngarang wangsalan kang luput, kajata:
Ukara kang isi batangan muni "Kandanana, manawa durung ditata’’.
Saka gatra sing ngarep (jaiku sing uniné "kandanana”’) dipilih wandané "na”, dianggo wangsalan sing batangané gana”, sarana unén-unén "tawon muda”. Saka gatra sing buri (sing uniné "manawa durung ditata”) dipilih wandané "di”, dianggo wangsalan sing batangané "Drupadi”, sarana unén-unén "garwa Nata ing Amarta”, Dadiné wangsalan sing sampurna bandjur muni:
Tawon muda, garwa Nata ing Amarta.
Kandanana, manawa durung ditata.
Iku luput, sabab sing dipilih lan dikarang dadi wangsalan iku wandaning panambang lan wandaning ater-ater. "Na’” wandaning panambang, lan ,,di”. wandaning ater-ater.
13. Klebu rerengganing basa.
Wangsalan iku klebu. rerengganing basa, sabab. basa. sing mawa wangsalan iku -saja agawé ‘senengé wong sing: matja utawa sing ngrungokaké. -Guneman mawa wangsalan ndjalari. gumjek lan ngresepaké. “Gending. digérongi tjakepan kang isi wangsalan agawé saja gajeng.
14. Tulada wangsalan manéka warna.
I. Wangsalan padinan sing njebutaké batangané.
- Njaron bumbung, ngantos. tjengklungen anggén kula ngentosi. (Angklung).
- Peken alit, mangsa Sandéa, (Wandé).
- Mbalung ula, prija bregas tur ndjentara, (Ragas).
- Mritja ketjut, muni kok bab sing ora njata. (Wuni).
- Djarwa prapta, sampun duka lo, Mas! (Teka).
- Tepi wastra, ora liwat mung pada-pada. (Kemada).
- Manawi. boten duka, punapaa mentil katjang, tansahmrengut, (Besengut).
- Wohing gembili, wis watakku mangkéné iki, (Katak).
- Sekar arén, sampun dangu-dangu. (Dangu).
- Embuh ija, aku ora ngapem Landa; ora ngreti. (Roti).
- Kendal djeram, manawi Kepareng ing panggalih, (Sereng).
- Balung geni, mbokmanawa aku mréné manéh lija dina (Mawa).
- /Matjan galak wulu badak, mangsi borong pandjenengan. (Barongan)